WINIH IRENG

kapacak uga ing FB : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2291560944456363&id=1684548218490975

Ana ibu kang pakulitane putih resik lagi lelungan karo putrane umur 6 taun.
Ibu lan anak mau nunggang taksi sing disupiri dening wong lanang sing pakulitane ireng njanges.

Si anak sajak gumun marga sadurunge ora tau weruh wong pakulitane ireng. Banjur anak iku matur marang ibune, "Ibu, apa wong iki dudu wong jahat? Kenapa kulite ireng banget?"

Sang supir sedhih banget krungu kaya mangkono, si ibu ngendika marang putrane : "Pak supir iki dudu wong jahat nak, dheweke wong kang becik bebudene".

Si anak meneng sedhela, njur pitakon maneh :"Yen dheweke dudu wong jahat, apa dheweke tau tumindak ala nganti kulite dadi ireng banget?"

Krungu pitakonane si anak iku, mripate sang supir kaca-kaca, nanging dheweke pingin ngerti apa kira-kira wangsulane si ibu kulit putih iku.

Si ibu banjur paring wangsulan :"Pak supir iki becik banget bebudene."
"Coba pigatekna, bener apa ora.., dene kembang-kembangan ing petamanan ngomah kita ana sing warnane abang, putih, kuning lan warna liyane?"

“Bener Bu!” wangsulane si anak.

"Bener apa ora.., yen kabeh kembang asale saka wiji utawa winih kang warnane ireng?", ngendikane sang ibu.

Anak iku mikir sawetara, "Bener bu! kabeh warnane ireng."

"Ya winih ireng iku kang bisa mekrokake sadhengah kembang katon endah warna-warnine, ndadekake donya iki kebak warna-warni uga, rak ya kaya mangkono ta anakku?"

“Bener Bu!”

Anak iki sanalika dadi ngrumangsani lan njur ujar :"Yen ngono pak supir iki mesthi dudu wong jahat! Matur nuwun pak supir, bapak wus marakake donya iki kebak warna-warni, aku arep donga kanggo pak supir ahh..."

Anak lugu iki banjur wiwit ndremimil donga, supir kulit ireng iku ora bisa ngempet supaya ora brebes mili.

*Para kadangku*,

Pratelan kang katindakake kanthi wicak bisa agawe pangerten kang banget piguna.

Apa kita wus nindakake kanthi wicaksana aweh pratelan mring wong-wong ing sakiwa tengen kita? nganti bisa andadekake swasana tentrem lan guyub rukun, ora ana maneh sing padha cidra-cinidran lan sujanan ing urip bebrayan kita?

JM, sirep jalma, 1219
   rinakit dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN