WICAKSANA NANJAKAKE WEKTU
kapacak ing FB :
https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2292738367671954&id=1684548218490975
Manungsa wus mesthi bakal ngalami tuwa. Kita ora bisa nyelaki kahanan alam utawa garising urip iki! Kita bakal ngrasakake dene tenaga kita sangsaya mundur, lungkrah, badan kita lemes suda dayane ora trengginas maneh. Umur kang sangsaya nyedhaki ajal kita kudu bisa ngukur lan mbiji dhiri-pribadi. Apa ana wajibing darmaning ngaurip kang durung karampungake?
Kita tumekaning tuwa lan lumebu ing tataran kasepuhan ana ing bebrayan masarakat. Ananging sairing tumapaking lumebu umur iku akeh dharmaning ngaurip kang isih durung katindakake.
Kita wus ora bisa ngupayani maneh kanggo ngayahi iku kabeh. Mula saka iku kita kudu bisa cedhak mring Gusti Kang Murbeng Agesang nyadhong kekuwatan paring pitulungane supaya wasis ngecakake wektu kang ora suwe maneh krana linandhesan dhawuh pangandikane Gusti.
Manungsa pancen ora bisa ngalahake wektu, iku mratandhani yen manungsa iku uripe ora langgeng. Kala-kala manungsa urip iku kepingine kabeh diayahi dhewe ora ngelingi yen wus ora kewawa-wawa, ora kaconggah tenagane marga umure. Wus wancine kudu kanthi legawa alihan rerenggan marang kanoman ya golongan panerus kang luwih mitayani. Prayoga uga lamun kita bisa luwih wasis-wicaksana anggone nanjakake wektu.
Kang dadi pitakonan, jroning wektu kang sarwa nyrepeg, apa kita wus ngisi upaya kanthi laku kang utama? Apa jroning wektu iku kita ngestokake mawa tumindak kaya sing dadi kersane Gusti Allah? Utawa, malah buwang-buwang wektu nguber kanepsoning dhewe ora migatekake mring kadang liyane.
Kita prelu nggegilut lan anggagas pitakonan ing ndhuwur mau kanthi temen. Aja nganti mengko ing wancine umur wus ngunduri tuwa kita keduwung gela kebacut buwang wektu muspra. Elinga, dene ana prakara kang bisa kita ringkes yaiku, ana wektune miwiti ana wektune mungkasi, ana wektune nandur ana wektune maneni, ana wektune kumpul-kumpul ana wektune pepisahan lsp lsp...
Sumangga! sugeng dinten minggu!
JM, lingsir kulon, 3219
rinakit dening eNPe
Komentar
Posting Komentar