PARI SAKARUNG
kaunggah uga ing FB : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2304779406467850&id=1684548218490975
Tulisan iki nyritakake pasêduluran kakang-adhi ing sawijining kulawarga.
Si kakang jêjêre sêdulur tuwa wus omah-omah duwe anak loro, dene adhine isih lêgan.
Kakang-adhi mau nggarap bebarêngan lêmah warisanne wong tuwane, asile panèn diparo warata.
Ing wayah wêngi si adhi lagi lungguh dhèwèkan karo nguda rasa jroning ati, "Pambagean garapan iki dak rasakake kok kurang adil ya, kudune kakangku olèh bagean luwih akèh amarga dhèwèke urip krana tanggungan bojo lan anak loro."
Ing wêngi sing sêpi iku uga karo sêsidhêman dhèwèke manggul parine sakarung lan didèlèhake ing lumbunge kakangne.
Ing wêktu liya si kakang duwe panguda rasa uga, "Pambagean iki adil yèn adhiku olèh bagean kang luwih akèh, marga uripe isih dhèwèkan mêngko yèn ana kedadean apa-apa ora ana sing ngopèni, mêsakakake.., ora kaya aku rak ana anak-bojo sing bisa ngopèni."
Mangkono si kakang uga enggal-enggal gêgancangan njupuk pari sakarung diêtêrake karo sêsidhêman mênyang lumbunge adhine.
Kêdadean iku wus mlaku pirang-pirang wulan malah wus taunan.
Kakang-adhi mau ing sajroning batin atine padha duwe panguda rasa, "kênapa ya lumbungku kok ora suda-suda kamangka sabên panènan dak jupuk sakarung?"
Nganti sawijining bêngi kang sêpi nyênyêt
sawuse panènan, kakang-adhi mau kêtêmu ing têngah dalan padha dene manggul sakarung pari.
Nah lho...., pitakonan sajroning panguda rasane kakang-adhi iku sanalika olèh wangsulan, ..... ya sanalika iku uga gapyuk padha rêrangkulan, grêgêl atine krasa trênyuh ngrasakake iba gêdhe rasa sih katrêsnane ing antarane pasêduluran kang endah bangêt.
Tuladha kang bisa kita pêthik :
Ya kaya mangkono iki kang sajatine kita urip bêbrayan pasêduluran ing têngahing kulawarga iya uga ing têngahing masarakat nunggal bangsa, guyub rukun ngêdohake rasa drêngki, sikut-sikutan, srakah, nyêbar pitênah, ora maèlu lan ora ngajèni mring liyan.
Gusti Allah sêjatine wus paring nugraha mring manungsa rasa trêsna jroning atine kang suci, duwèni pangrasa mikirake uripe mitra lan sanak kadange, kang sinêbut têpa slira.
Gusti Allah ora bakal negakake kita kakurangan lamun kita uga tansah ngupaya kanthi eklas mèlu nyukupi kabutuhane sapêpadhane.
Gusti Allah ora bakal ngrêkasakake urip kita lamun kita uga tansah gawe sênênge mring liyan...!
Sumangga para sadulur kang tinrêsnan sami wangsul malih gêsang bêbrayan kang sarwa endah kêbak raos asih mring sapanunggalan kita sabangsa, saeka kapti nyêngkuyung sêsarêngan budi daya sêdyaning bangsa masarakat adil makmur guyub rukun ambangun praja kangge mulyaning bangsa lan nagari.
MARDIKA !!
JM, sirêp bocah, 21219
rinakit dening eNPe
kadudud saking :
https://www.facebook.com/groups/76706909332/permalink/10156841457199333/

Komentar
Posting Komentar