ESUK KEKES
kapacak ing FB : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2289719037973887&id=1684548218490975
Esuk gumregut kekes,
pak tani ndhrodhog kemul sarung,
nyandhing kopi sagelas sing wus anyes,
kekancan blanggreng lan jagung.
Uyon-uyon keprungu swarane kepyar,
manggut-manggut brakot janggel jagung,
Gleggeerr..! bledheg angampar-ampar!
petok-petok... embeekk... samya kaget bingung.
Udan grejih sawengi muput tan kendhat,
anelesi salumahing wasundari,
pendhak pyarr sumorot cahya kilat,
swarane keprungu gegirisi.
JM, esuk kekes, 30119
dening eNPe
Esuk gumregut kekes,
pak tani ndhrodhog kemul sarung,
nyandhing kopi sagelas sing wus anyes,
kekancan blanggreng lan jagung.
Uyon-uyon keprungu swarane kepyar,
manggut-manggut brakot janggel jagung,
Gleggeerr..! bledheg angampar-ampar!
petok-petok... embeekk... samya kaget bingung.
Udan grejih sawengi muput tan kendhat,
anelesi salumahing wasundari,
pendhak pyarr sumorot cahya kilat,
swarane keprungu gegirisi.
JM, esuk kekes, 30119
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar