NGREKSA TUKING BANYU

Kaunggah uga ing FB : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2298521440426980&id=1684548218490975

Sajroning ambangun kutha gawe sumur mujudake sawijining kabutuhan utama bisa nemokake sumber banyu kanggo kapreluan pambangunan iku. Mula ing kene prelu banget bisa ngreksa tuk sumbere banyu aja nganti ing tembe buri nganti kasatan. Bab iki dadi lan pentinge kanggo ngreksa lestarine tuking banyu aja nganti mati supaya bisa lestari kanggo kapreluan uriping manungsa. Kabeh iku mujudake tanggung jawab bebarengan kanggo ngreksa lan nglestarekake tuk sumbere banyu.

Iba migunani utawa duweni aji sumber banyu katitik dene ana jeneng-jeneng kutha / panggonan diwiwiti nganggo sebutan "Ci" kayata Cibadak, Cirebon, Cibodas, Cimanggis, Cilacap lsp lsp. Sebutan Ci ateges banyu / kali kang nggambarake banyu iku duweni paedah kang gedhe ngemu teges ngajak masarakat kabeh duweni pamikiran lan rasa tanggung jawab kang padha iba migunani etuk sumbere banyu supaya kabutuhan uriping manungsa bisa lestari.

Kanggo biantu prelu ana tata cara ngopeni lestarine sumber alam mau krana gawe bendungan-bendungan kanggo nyimpen utawa tandhon udan lan banyu saka etuking banyu kanggo nyukupi kapreluane pendhudhuk padesan lan kutha amrih bisa tansah lestari.

Kairing kamajuane jaman, banyu dadi barang dol-tinuku, ndadekake gawe owah budaya masarakat sing kudune ngreksa mring banyu. Kawitan banyu sawijining sumber alam kang bisa dianggo kabutuhane masarakat kanthi mardika. Nanging saiki ana saperangan perusahaan-perusahaan gedhe sing duwe wewenang nguwasani sumber-sumber banyu mau, mula saiki dadi larang sing kudu dibayar dening rakyat. Iki mujudake ancaman ing tembe buri!. Muga perusahaan-perusahaan iku ora sangsaya srakah lan enggal mratobat dene sejatine wus nerak tatanan negara ya undhang-undhang dhasar negara kang mratelakake dene bumi, banyu lan sadhengah isine dikuwasani dening negara kanggo kemakmurane masarakat.

Badan-badan kemasarakatan muga-muga bisa ngupaya balekake kepriye negara bisa nguwasani maneh sumber banyu lan sumber-sumber alam liyane kanggo kamakmurane bangsa.

Sumangga digegilut lan rinasakake bebarengan!

JM, parak esuk, 12219
      dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN