SUSU SAGELAS njalari berkah

Kapacak uga ing FB : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2303535463258911&id=1684548218490975

Ana bocah lanang sing sarwa kesrakat panguripane adol barang-barang krana nawakake menyang omah siji lan sijine, ing sawijine dina wetenge krasa luwe banget nanging ing sak kanthonge hamung ana dhuwit pirang sen.

Bocah lanang iku njur nedya arep njaluk mangan ing omah candhake.
Ananging, ....
bocah mau ora wani nembung nalika dibukakake lawang omah iku dening wong wadon enom.
Bocah iku ora sida nembung njaluk mangan, wanine hamung njaluk banyu sagelas.
Wanodya nom-noman mau meruhi bocah lanang iku njur mikir dene bocah iku katon sajak luwe banget mula dheweke njur nggawake susu sagelas lan bocah lanang mau enggal ngombe alon-alon.

Bocah iku pitakon : "Pira aku kudu bayar kanggo susu sagelas iki?"
Cah wadon iku mangsuli : "Sliramu ora prelu bayar apa-apa. Ibuku memulang aja nampa bayaran kanggo tumindak kabecikan".

Krungu kaya mangkono si bocah lanang iku njur enggal ngentekake susune glegag-glegeg, tumuli celathu : "Kanthi tulusing ati aku matur nuwun banget ya atas paringane susu sagelas iki."

Pirang-pirang taun sabanjure, si wanodya mau nandhang lara kang nguwatiri banget.
Dhokter-dhokter ing kuthane kono wus ora saguh maneh ngusadani lelarane.
Sidane, dening dhokter dikirim menyang kutha gedhe sing ana dhoktere spesialis kang luwih mitayani kanggo ngusadani.
Ing salah sijine rumah sakit, dr Howard Kelly kapiji kanggo nitipriksa lelarane si wanita iku.
Nalika dr Kelly krungu kutha asale si wanita iku, sanalika praupane katon aneh ing soroting mripate.
Dhokter iku enggal-enggal menyat mudhun ngliwati saperangan kamar-kamar tumuju kamare wanita iku.
Manganggo jubah dhoktere, dheweke nemoni wanita mau, ing kawitane nalika ketemu ngenal banget mring wanita iku.
dr Kelly bali maneh menyang kamare praktek, njur duwe tekad nedya ngupayakake usada kang becik dhewe kanggo nylametake nyawane si wanita mau.

Wiwit dina iku, dr Kelly tansah paring wigati mring bab pilarane wanita iku.
Sawuse ngliwati sakebehing upaya njlimet kang butuhake wektu ora sedhela, wusanane pikoleh asil yaiku wanita iku bisa mari saka panandhang larane lan sehat maneh !

Sabanjure dr Kelly njaluk menyang bagean keuangan rumah sakit supaya ngirim kabeh tagihan menyang dheweke. dr Kelly maspadakake lan nulis ing pojok dhuwur lembaran kertas tagihan mau, tumuli ngirimake menyang kamare wanita iku.

Wanita iku ora jenjem lan kuwatir banget nalika arep bukak lembaran tagihan mau, apa ya bisa bayar tagihanne sanadyan kanthi nyicil sajroning uripe.Wusanane dheweke nguwanekake bukak tagihan mau. Dheweke mrangguli dene ing pojok dhuwur lembar tagihan ana tinulis ukara : WUS DIBAYAR LUNAS NGANGGO SUSU SAGELAS !!!..
      ana tapak asmane dr. Howard Kelly.

Dheg,... sanalika eluh rasa sokur kaluberan nugrahaning Gusti dleweran ngebaki mripate wanita iku.
Dheweke ndedonga : Dhuh Gusti, muji sokur saha matur nuwun, dene Sih Katresnan Paduka sampun karumentahaken lan kayekten dhateng salumahing bumi lumantar nala lan tapaking manungsa.

Kadhang kala kabecikan ing wektu kapungkur bisa ngentasake prakara kita ing tembe buri.
Sapa ta sejatine dhokter iku?
Ora liya ya si bocah sing adol barang-barang ing antarane omah siji lan sijine kang nate diwenehi susu sagelas.

Dhuh Gusti, kepareng Paduka paring margi gampil sinten kemawon ingkang sampun maos seratan punika, ngrumentahaken margining rejeki, sinung sehat bagas saras jiwa lan salira dhateng sadaya para kadang kawula kang tinresnan.

Sumangga para kadangku kita duwe telung pilihan :
1. Kita kabeh ngejarake bae tulisan iki tetep samene.
2. Malaekat, ngelingake mring para sedulur kadang kabeh, Sebarake !
3. Setan ; ora usah repot-repot nyebarake tulisan iki. Ejarake bae ing kene, yen prelu busaken bae, wong-wong ora prelu maca tulisan iku.

JM, sirep jalma, 19219
  rinakit dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN