DUWENI DARMANING URIP BEBRAYAN MASARAKAT
Kapacak uga ing FB :
https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2293896120889512&id=1684548218490975
Manungsa iku sejatining jalma kang ora bisa kapisah-pisah ing tengahing pasrawungan bebrayan masarakat, ora bisa urip dhewe utawa ijen, kang tansah butuhake rowang.
Nalika manungsa sepisanan katitahake, pangandikane Gusti Allah ing kitab suci tinulis, "Ora prayoga, yen manungsa iku mung ijen bae."
Mangkono iku ing kawitan manungsa iku duweni darmaning urip bebrayan ing tengahing masarakat. Ngestokake darmaning masarakat mau iku wus dadi wajibing manungsa. Minangka umat titahe Gusti Allah iku wus kudu setya mring dhawuh pangandikane Gusti. Iya krana kasetyan iki bisa mujudake tata trepsilane bebrayan masarakat minangka paugeran urip tumraping sapepadha. Kanthi pangajap tatanan bebrayan iku bisa angripta rasa adil lan padha tinemu karaharjan, sayuk-sayuk guyub-rukun urip bebarengan.
Lamun kita titi sasrawungan urip ing tengahing rayat Indonesia, ora sethithik kang isih ana ing garis kamelaratan lan kasekengan. Mula saka iku, darmaning masarakat kabeh utamane para pamengku praja duweni sipat wajib kang kudu katindakake kanggo ngentasake saka ing kasekengan mau anuju masarakat adil kerta raharja.
JM, wayah byar, 5219
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar