BECIK KETITIK ALA KETARA
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1CFq4LE3Hz/ Boten wonten prakawis kang katutupan ingkang boten badhe kawiyak, lan boten wonten prakawis kang kasidhem (pundamel wadi) ingkang boten badhe kasumurupan. Larikan tembung ing ukara kasebat ngandhut teges kang lebet lan rowa. Ukara punika sairib kalihan tetembungan ing basa Indonesia "Barang busuk yang serapat apapun ditutupi, akhirnya akan kecium juga". Sejatosipun ukara kasebat, punapa punika ing basa Jawi punapa punika ing basa Indonesia sadaya ngandhut pitutur adi ingkang prelu ngawekani (ngatos-atos, ampun sembrana) dene tumindak punapa kemawon ingkang boten becik badhe ketawisan/ konangan ing pungkasanipun. Pramila kangge sinten kemawon ingkang ing angen-angen gadhah krenteg badhe tumindak ala, culika utawi tumindak durjana nadyan puntutup-tutupi ngantos rapet tetep kemawon wusananipun ing tembe bakal kabongkar. 'Becik ketitik ala ketara'.... punika kang bakal kedadadosan boten saged punselaki. C...