SOLAHE WÕNG NGIWÅ tinandhing WÕNG MURSID -wulang bêbasan-
kapacak ugå ing https://www.facebook.com/share/p/1AmyTvqG3N/ Wõng sing lakuné ngiwa (ålå) kuwi mrånå-mrene nyêbar têmbung gõrõh, ngålå-ålå lan mêmõyõk. Nanging wõng mursid kêbak katêntrêman lan jêmbar pangapurane. Mripaté kêdhap-kêdhèp lan awèh sasmitå kanggo njõrõgaké liyan, karo ngrantam kaculikan sing arêp ditindakake. Karêpe gawe rêrusuh saênggõn-ênggõn. Mêrgå panggawene mau, wõng kuwi bakal kêtêkan bilai, dadi lan rêmuké datan kênå dipulihake manèh. Wõng duråkå kataman åpå kang kasumêlangake, nanging wõng mursid bakal pinaringan åpå kang sinêdyå. Lamun katêmpuh lesus, wõng duråkå sirnå, nanging wõng bênêr tansah ing pangauban langgêng. Lathine wõng mursid sumurup samubarang kang ngrêsêpake, nanging cangkême wõng duråkå mung nglairake kaculikan. JM, pucuking õktõbêr, rõngèwusêlawe ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️ [^__^] [^__^]