Postingan

Menampilkan postingan dari September, 2025

NAMPIK SUMBANGAN UWOS

Gambar
    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/19FUUrbTEH/ Sawijining warga nampik nampeni sumbangan uwos sakarung 20 kg. Nampik/nolak, tembung kang kanggenipun sebagean tiyang kathah sisah punpahami kamangka si warga wau griyanipun gubug reyot ing dhusunipun. Tumraping tiyang kathah, bab panolakan puniki nuli sami ngewa-ewa ujar, " Wis mlarat, kakehan nggaya ora gelem nampani upasraya (sumbangan, biyantuan) ." Ananging, kocapipun kapireng wangsulanipun warga wau, kita saged methik piwucal kang adi sanget, wangsulanipun makaten : " Beras kula teksih khathah, kula boten pendhet bantuan beras 20 kg niku, lha wong beras kula teksih enten, sing riyin nggih dereng telas. " Cobi pungatosaken, saking caranipun nyukani wangsulan katingal prasaja boten gadhah pendhidhikan inggil lan misuwur. Nanging saking wangsulanipun wau ngetingalaken mendah mulya isi manahipun lan boten neka-neka. Mratandhani piyambakipun nggadhahi jiwa langkung mulya katandhing kaliyan saperangan...

KAPRIHATINAN SABANGSA

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1JaY1edT5J/   Asring kita mrangguli lan migatekake sadhengah apa sing kelakon ana ing donya iki. Kerep wae wong mursid (uripe becik) ngalami ngrekasa, nanging wong duraka malah tampa ganjaran sing mesthine kanggo wong mursid. Apa kuwi diarani ora adil? Iya!, temtu ora adil. Iku kasunyatan sing meh pendhak byar kita kasuguhan ing pawarta-pawarta TV uga ing medsos. Coba digagas, wong sing tumindak kadurakan contone koruptor, tukang apus-apus lan maling, ana sing merjaya wong liya lsp, isih gentayangan bebas ora rumangsa luput, malah duwe pangkat lan panguwasa ing keprajan, pamarentahan uga bebadan dhuwur negara. Uripe mubra-mubru sarwa nguja kacukupan (kemewahan) kurang pepeka (sembrana ing rasa pangrasa) marang kasangsarane wong cilik. Kaya-kaya uwong mengkono iku ora mempan ukum (kebal ukum) sing bisa agawe seriking lan kuciwa masarakat cilik. Kahanan kaya mangkono iku yen ora enggal diatasi suwening-suwe bisa dad...