Postingan

Menampilkan postingan dari Mei, 2025

NIKMATING DONYA NGGODHA ATI

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1ALLBdzDJP/  1: Nikmating donyå nggodhå ati,     mikat kitå dimèn nêbih Gusti,     lan kabèh iku tan nguripi,     nging nggèndèng kitå mring têlênging pati. Rèf.     Åjå randhat umarêkå,     sowanå ing dinå iki ugå.     Gusti wus ngantyå mring sirå     lah Pangayõmanmu kang tuhu sêjati.  2: Mårå mbuwangå sêngsêmirå,     wit iku panyidrå lan pamblasar,     ninggalå doså lan duråkå,     ngungsi mring Gusti sirå mêsthi luwar.  3: Marêk mring Gusti tan suwålå,     aywå kalungsèn kadaluwarså.     Puputing nyåwå tan kanyånå,     mula èstõknå di enggal marêkå. kadudut : kpj 57 JM, sandyåkålå, 29525             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^] [^__^] 

GAJAH CUPET PIKIRE

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1BXpW3kLif/ Ing satengahing alas ketel lan rungkut, ana sawjining gajah arane Liman. Dheweke gajah kuwat lan wicaksana nanging wiwit cilik tau ngalami kadadean sing agawe cupet pikire sarta jinja (trauma) kaweden njangkah adoh. Critane rikala isih cilik, Liman tau dibanda nganggo tali cilik dening manungsa. Liman ngupaya mberod supaya bisa ucul, nanging gagal ora kasil. Saking dene cupet pikire wiwit iku dheweke percaya yen ora bakal bisa ucul saka tali banda senadyan saiki awake wis luwih gedhe lan rosa. Ing sawijining dina, alas panggonane si Liman gajah iku kobongan. Kabeh kewan padha mlayu nylametake, nanging Liman tetep mbegegeg ngadeg ing kono, marga dheweke mikir lan mracayani yen ora bisa uwal njur mlaku adoh. Rumangsane Liman yen dheweke isih kabanda dening tali sing saprana saprene mblenggu. Rasa kaweden lan rangu ndadekake Liman kelangan wewengan wektu (kesempatan) kanggo nylametake. Dumadakan ana bocah cili...

KUPU, KUPU SING LUCU 🦋🎶🎶🦋

    kapacak uga ing   https://www.facebook.com/share/p/1AQvAvmdDc/ Kupu, kupu sing lucu mibêr ngêndi paranmu? wira-wiri åpå sing kõkluru pucuking puspå wus têmtu. Geyang-geyõng gandhulan menclõk ing êpang-pangan åpå sumiwimu nora kråså kêsêl iku? Mreneå kupu dakêncupe mêrakati swiwimu mencutake swiwimu nggèndèng ngawe-awe dakoyak... mak blêbêrrrr sajak ngece ce.... 🦋🦋 Tegå timên sliramu ninggal playu nora maèlu suwe, monêng atiku ngêntèni nunggu èsêmu. 🫰 JM, têmbang pandriyå, 25525             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^] [^__^] 

TUMINDAK KABECIKAN TUWUH SAKA ATI KANG MULYA

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/19M3LD4ebZ/ Kacarita ibu-ibu banget sugihe ngadeg ing pinggir dalan jalaran montore mogok. Bola bali nyetop tunggangan montor mawa tangane nanging ora ana siji-sijia sing ngendhegi. Wektu terus lumaku... lan wiwit riwis-riwis grimis. Sangsaya kuwur atine si ibu iku marga langite sangsaya peteng. Nganti dumadakan ana montor tuwa katon ora kopen mandheg pas ing sisihe sang ibu sugih iku. Ing sopiran katon kanoman pakulitane ireng. Sang ibu iku nyawang kanoman iku uga karo migatekake montore sing wus katon amoh. Ibu sugih iku gojag-gajeg kuwatir arep melu nunggang montor iku apa ora, apa pilih ngenteni ing pinggir dalan sing wiwit peteng? Ibu iku kuwatir kasugihane kaweruhan dening sopir iku, ananging wusanane netepake pilih nunut nunggang montor iku. Sadalan-dalan, sang ibu iku ing batin dremimil donga muga-muga diparingi slamet. Sabanjure takon jeneng lan gaweane si kanoman sopir taksi iku.  " Nami kula Darmo lan d...

KAPINTERAN ING PAMBUDI LUHUR

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/18z7fYDs5L/ Sampun mratah lan kathah tiyang sepuh anganggep kapinteran lan kabodhoan adhedhasar biji rapot sekolah. Pramila tiyang sepuh ngudidaya kadospundi caranipun amrih biji rapot putranipun langkung sae. Les wulangan tartamtu dados pilihanipun. Nanging, bab kabodhoan punapa namung prakawis biji rapot? Punapa lare menawi bijinipun ing rapot sae boten badhe tumindak kabodhoan (datan pinuji)? Tumindak bodho boten pinuji (nerak budi pakerti) gampil dumados ing manungsa, awit punika gandhengipun kaliyan budi pakerti (watak). Tetiyang racakipun nggadhahi pamanggih bab kaleresan nurut alam pamikiripun piyambak. Malah, samangsa ing wekdal tartamtu boten maedahi kangge piyambakipun, saged njlomprongaken ingkang boten kininten damel serikipun ngasanes amargi nerak tatanan lan subasita. Tiyang gampil protes datan nyatiti rumiyin kasunyatanipun. Pramila, kaprelokaken sumedya pinter/wicaksana, senadyan pinter ing pawiyatan na...

NUNGGAL TANAH TUMPAH RAH

  kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1WaFxH9aRS/ Nunggal tanah tumpah rah,  nunggal wångså lan nunggal båså. Indonesia kawangsanku, Indonesia tanah tumpah rahku. Endahing alam mencutake suku wångså manekå wêrna mendah pêpak budayane karyå agung Sang Khalik Pangriptånyå. Payo kitå samyå manunggal jiwå maknane nunggal tanah tumpah rah sajiwå ragå,  nunggal wångså lan båså Indonesia nagriku subur makmur santoså. JM, harkitnas, 20525             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^] [^__^] 

UDI LAN UPAYANEN PANGANGEN-ANGENMU SADHUWURE LANGIT!

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1FkDhxgLJK/ Ing taman sawijining pomahan kebak ditanemi maneka warna kembang mekrok asri nengsemake sapa bae sing nyawang. Akeh kupu-kupu sing padha mabur menclok ing antarane kekembangan. Ing kono ana bocah cilik wadon lagi ngematake kekembangan lan kupu sing padha meclok. Bocah iku sajak lagi ngangen-angen, " Wah mendah senenge ya kupu-kupu iku bebas mabur menclok sasenenge ." Bocah iku kelingan tau maca buku bab kupu-kupu sing asale saka uler owah dadi enthung njur malih dadi kupu (proses metamorpose). Bocah wadon iku (parabane Surti) saiki rumangsa isih dadi uler ugak-ugek lakune ora bisa mardika mrana mrene. Marga uripe saiki sarwa winatesan ora kaya kanca-kancane sing bisa plesiran pas dina prei ngene iki. Ya marga kaanane panguripane kulawarga sing sarwa pas-pasan, bapake buruh pabrik ibune buka warung sayuran ing pasar. Si Surti pengin kaya kupu-kupu iku uripe katon ayem. Dheweke ngangen-angen piye carane ya?, ...

TANJAKNA WEKTUMU NGABEKTI MARANG WONG TUWAMU

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/16BmZSwoph/ Tanjakna wektumu ngabekti marang wong tuwamu, samangsa kita isih bisa, mumpung panjenengane isih sugeng. Padatan, anak rikala isih cilik cedhak karo rama-ibune, tansah ngrasakake sih katresnane wong tuwa. Nganti ngancik taruna nadyan kudu sekolah ing paran kala-kala isih mulih nyadhong dhuwit jajan, haha hihi rak iya yektine mangkono ta... 🫰 Bareng wus omah-omah lan nyambut gawe ing kutha liya, isih sepisan-pindho sowan rama-ibune. Wektu terus lumaku, sing arane anak mau iya wus saya tuwa, mangkono uga rama-ibune sangsaya luwih sepuh. Si anak merga umur, karosane suda, ngrasake lungkrah olehe nyambut gawe. Banjur si anak bali sowan rama-ibune, nyuwun idi pengin ngaso ing kampunge cedhak wong tuwane. Rama-ibune nampa kanthi legawa lan bungah niat sang anak.  Dikaya ngapaa bae, sing arane wong tuwa datan kendhat sih katresnane marang para putrane. Nadyan wus mataun-taun anak lali, supe marang wong tuwan...

OMAHKU RINÊKSA GUSTI

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/18RMSfVRXj/ Omahku iki, omah kang têntrêm lan nyênêngake, såpå sing ngrêkså, ora liyå amung Gusti piyambak. Mendah bêcike lan endah lamun Gusti tansah anjangkungi. Ayêm têntrêm sakabèhane, rahayu sakulawarga saisine. Mendah rukun, båpå biyung tuladhane, kabèh pårå putrane nuladhani tumindake. Jroning kasusahan, ora kurang ndêdongå, jroning kabagyan rêrêpèn ngumandhang puji sokur angaståwå. Riniptåå omahku taman adhêm ayêm nêngsêmake dumadiå uripku lêmbut mêwangi bagyå mulyå. JM, rêrêpèn pangangên, 16525             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^] [^__^] 

CAHYANING LILIN ALIT AMBEKTA PEPADHANG

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/1AYbCL5BnT/ Sawijining dalu lan asrep hawanipun dumadakan listrik pejah ing kampung alit. Griya-griya sadaya sami peteng ndhedhet, tetiyang samidene kuwatos lan lare-lare alit sami jerit-jerit. Ing satengahing peteng wau wonten lare alit estri aranipun Cahyani gita-gita mlebet kamar mendhet lilin alit. Lilin punika satunggal-satunggaling sumber pepadhang kang taksih pungadhahi ing griyanipun. Cahyani nyumet lilin nuli mbekta medal. Sorot lilin alit wau mbleret katingalipun boten ndayani ing tengahing pepeteng kampung. Nanging Cahyani boten kuwur manahipun, piyambakipun mlampah saking griya satunggal dhateng griya sanesipun nawakaken lilin sumber pepadhang kang pundarbeni dhateng saben tiyang ingkang punpanggihi. Suwaunipun, sawetawis tiyang rangu purun nampeni lilin alit kang punkinten boten kathah mbiyantu. Ananging, Cahyani lare estri wau kukuh tetep atur keyakinan dene sumoroting lilin saalit-alitipun saged damel p...

MEMPENG LAN GUMREGUT METHIK GEGAYUHAN

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/1EV3uyLz1f/ Ing satunggaling dhusun alit, wonten lare parabanipun Birin gesangipun sarwa kekirangan nanging sregep lan nggethu anggenipun sinau. Nadyan gesangipun kacingkrangan, piyambakipun tansah bidhal sekolah klawan kebak semangat (mempeng gumregut). Satunggaling dinten, wonten bapa guru ingkang kepranan kaliyan semangatipun Birin wau, lajeng maringi buku wacan. Senadyan buku punika sampun reged lan suwek, Birin sanget anggenipun matur nuwun dhateng bapak guru lan janji nedya njagi lan ngopeni kanthi gematos. Birin sinau langkung mempeng saben dintenipun, malah maca buku wau wongsal-wangsul. Sregep gumregutipun lan katlatosanipun nggendeng kawigatosan tiyang kathah ing dhusunipun. Wusananipun wonten piyayi sugih lan loma kepranan penggalihipun mirsani lelabuhanipun si Birin, mila lajeng paring beasiswa kangge nglajengaken pawiyatanipun ngantos dumugi ing piwucalan inggil. Birin nanjakaken wewengan (kesempatan) puni...

SALARAS ING PANGUCAP LAN TINDAKAN

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/198x365h2S/ Ana pasemon kang unine "Esuk tempe, sore dhele". Sacara panalaran tembung iku kuwalik, kudune saka dhele owah dadi tempe. Tembung kasebut nelakake kanggo nyebut uwong kang ora salaras pocapane, ateges mencla-mencle, guneme molah-malih ora kena diendelake, ora bisa dipercaya. Nyalarasake guneman lan tindakane ora gampang. Apamaneh nalika ngadhepi ana tantangan lan ancaman. Sayogyane kita ngelingi dene Gusti Allah tansah salaras karo pangandikan-E. Janjine Gusti iku langgeng ora bakal seselak. Gusti iya mangkono, samono uga kita kudu cundhuk lan salaras. Cangkem ngucap pracaya (iman), tindakane samono uga kudu salaras karo pangandikan (firman) Panjenengan-E. Salam tentrem rahayu kang pinangkanipun saking Gusti Kang Ma' Asih..... Aa_aamin A__aamin 🙏🙏 JM, gagat enjing, 10525           ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️           [^__^] [^__^]

PRAHARANING URIP NGANGLANGIMU

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1Bi5erjeHZ/ Lamun praharaning urip nganglangimu lan pacoban tumekå angganggu hamung sawijining janji kaantu yå, janji Gustimu, ugêmånå sèstu. Nadyan argå owah gumiwang sartå gumuk-gumuk pådhå goyang katrêsnan lan kasêtyane Gusti têtêp kukuh payõmane Gusti. Paggah têtêpånå janji Gusti, åywå kokuculnå nadyan wêngi lan rainå sumingkirå gorèh lan sumêlangmu Gusti Kang Murbèng Agêsang ngrêkså uripmu. JM, sandekålå, 8525             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^] [^__^]