Postingan

Menampilkan postingan dari Desember, 2024

KADADEAN SEPELE GEDHE TULADHANE

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1GvYk5THM1/?mibextid=oFDknk Tulisan iki karingkes saka crita nyata pemudhik (pawongan mulih nyang udhik). Wanci sore nalika aku satengahe mudhik seka Jakarta tekan Purwokerto mampir ing Alfamart. Sawuse metu saka Alfamart, aku nyawang ana Bapak sepuh kira-kira 60 taunan jenggoten dawa, dodolan kripik nganggo pit onthel mandheg ing pinggir dalan ngarep Alfamart. Enggal dakampiri Bapak sepuh iku lan dakluruhi/dakaruh-aruhi (kusapa, bs.Ind) : " Sadean napa Pak?" Wangsulane Bapak sepuh : " Oo, niki Mas werni-werni kripik Mas, niki kripik tempe, kripik singkong lan pisang" Pitakonku meneh : " Pinten regine kripik tempene, Pak?" Bapak sepuh : " Mirah Mas, namung Rp.5.000 mawon sawungkus, mangga dilarisi " Aku : " Sedasa ewu 3 pikantuk mboten, Pak? " nganyangku. Sanalika praupane katon yen setengah jengkel nadyan diempet, nanging nyoba mesem Bapak Sepuh mangsuli : " Ngapunten Mas, regi...

JÊJÊRITE BUMI

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/15R3gMzpLE/?mibextid=oFDknk Bumi riptane Gusti, elĂ”k kawitane krĂ„nĂ„ polahe manungsĂ„ samangkyĂ„ sĂ„yĂ„ surĂȘm kaendahane. BantĂ„lĂ„ sĂ„yĂ„ makingking krĂ„nĂ„ gundhul alase ayo gĂ”tĂ”ng rĂ”yĂ”ng gyĂ„ tĂȘtandur. Wit-witan kababad, banjir bandhang anrajang ayo kitĂ„ tanĂȘm wit-witan lan kĂȘkĂȘmbangan. Sato kewan padha kingking, papan panguripane kaobrak-abrik jaile manungsĂ„ ayo kita gyĂ„ tumandang sĂȘngkut mrih asrining alam. SumbĂȘring tirtĂ„ jĂȘmbĂȘr dening uwuh bĂȘkakrahan. ayo kitĂ„ gyĂ„ tumandang nglawan karusakan alam. Lapisan atmĂ”sper mĂ”prĂ”l nggrĂ”nggĂ”ng ayo kitĂ„ sĂȘngkut ngrĂȘksĂ„ lĂȘstarine. JĂȘjĂȘrite bumi ngambrah-ambrah, Ăšs kutub lubĂšr jugrug, palĂȘmahan karĂȘndhĂȘm tirtĂ„ horĂȘg lĂ”ngsĂ”r tinĂȘmu ing sadhengah tlatah ayo sayuk-sayuk ngrĂȘksa wutuhing jagad rĂ„yĂ„. sorogan :  Para kadang sutresna, guritan kasebut rinakit saking dene ✍️panulis✍️ nggagas-nggagas lan miris dene wektu samengko iki ing ngendi-endi akeh kedadean bencana alam kang nggegirisi...

SARING SEBELUM SHARING

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/15EetrMukn/?mibextid=oFDknk Ing basa Indonesia kita asring nemoni tembung " saring sebelum sharing ". Iya, tembung iku sabenere dipigunakake ngandhut pitutur, pepeling supaya kita ora angger bae ambage warta kang durung temtu bener orane. Pitutur iku nduweni makna luwih teges ing jaman saiki nalika ambage/nyebarake sawijine warta segampang banget klawan ngobahake driji ing lembaring layar gawai (piranti elektronik). Pepeling utawa pitutur kasebut sejatine ngelingake pangati-ati lan luwih satiti. Ora kabeh pawarta kang dipireng iku bener. Ora kabeh warta/kabar kang katampa komplit lan menehi gambaran wutuh ngenani sawijine kedadean. Mula luwih prayoga dibutuhake banget sumadhiya ngurbanake wektu kanggo nggoleki kabenerane sawijine kabar kanthi satiti sadurunge pracaya, apa maneh nyebarake klawan ambage-bage ing medsos. Ing jaman saiki kamajuan teknologi informasi kita ngenal sing jenenge kabar apus-apus, goroh, kabar pa...

đŸŒČTÊRWÅCÅ KAPYARSI đŸŒČ

Gambar
  kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/1BSur6Ype8/?mibextid=oFDknk TĂȘrwĂ„cĂ„ kapyarsi Gung Pawarti tidhĂȘm sami samyĂ„ sumadhiyĂ„ ing Dalu Suci, rawuhnyĂ„ nJĂȘng Gusti. Kasukan kawulĂ„ punabdi sĂšstu dĂšnparingi jagad dĂšnrĂȘsiki, wit saking rawuhing Gusti,  KasucĂšning tyas, karĂȘsikaning manah dede saking labĂȘt punabdi, kĂȘjawi mung Sihing Allah. Gusti, sinungĂ„ kawula manah kang suci anggyĂ„ pambagyĂ„ tumĂȘdhaking Sang PamartĂ„ nJĂȘng Gusti.    đŸŒČ SUGÊNG RIYAGUNG NATAL đŸŒČ TĂȘntrĂȘm rahayu ing antawisipun prĂ„ abdining Gusti kang piniji. Gusti ambĂȘrkahi... Aa_aamin  A_aamin 🙏🙏 JM, malĂȘm natal , 241224            ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️           [^__^]  [^__^] Terdengar jelas berita Sukacita dikeheningan semua bersiap di Malam Suci atas kedatangan Tuhan. Sukacita hamba sungguh benar pemberianNya dunia dibersihi, karna kedatanganNya. Kesucian hati, bersihnya hati bukan karna usaha hamba, kecuali hanya karna kasihNya....

ING JURANG KASANGSARANKU

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/18BANV8Q7Z/?mibextid=oFDknk Ing jurang kasangsaranku aku ujar sorĂ„, dhuh Gusti! MidhangĂȘtĂ„ rĂȘrintih twin pandongĂ„ kawulĂ„ punabdi. SalĂȘbĂȘting dosĂ„ kalĂȘpatan tansah emut PadukĂ„ sĂȘtyĂ„ nyadhĂ”ng pangaksĂ„mĂ„ twin sih-palimirmĂ„ PadukĂ„, mugyĂ„ sinung yĂȘkti kang pinanggya. Dhuh Gusti!, nugrĂ„hĂ„ pangaksami kang tinampi pĂȘparing PadukĂ„ awit wĂȘlas asih PadukĂ„ karumĂȘntahakĂȘn mring kawulĂ„. SĂšstu PadukĂ„ ngrĂȘmbat lan mbirat dosĂ„ kalĂȘpatan kawulĂ„ ing pakaryan kawilujĂȘngan sampun kababar sanyĂ„tĂ„. Puji, Pinujia Gusti twin Kamulyan PadukĂ„ salaminyĂ„....       Aaa_aaminn A_aamin🙏🙏 JM, lingsir wĂȘngi , 221224            ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️            [^__^]  [^__^]

đŸŽ¶ MONTOR-MONTOR CILIK đŸŽ¶ Panganggit : Ki Narto Sabdo

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/19we7oTTYX/?mibextid=oFDknk MĂ”ntĂ”r-mĂ”ntĂ”r cilik sing nunggang mblĂȘnĂȘg Lungguh lĂȘnggat-lĂȘnggut ngantuk siyat-siyut Mak gragap nĂšng tĂȘngah krĂȘtĂȘg Ă„nĂ„ grobag mandhĂȘg Grobage isi babi Ambune ra pati wangi Pak gedhe cĂȘngar-cĂȘngir babine njĂȘdhar-njĂȘdhir mĂ”ntĂ”re tĂȘrus mak ngĂ”k babine sĂȘnggrag-sĂȘnggrĂ”g ngĂ”k, nggrĂ”g, ngĂ”k, nggrĂ”k ngĂ”k, ngĂ”k ngrĂ”g. ngrĂ”k ngĂ”k, ngĂ”k ngrĂ”g. ngrĂ”k Kados pundi makananipun?.... sumangga, Ing pada sepisan, nggambaraken dene samukawis punika menawi kagengen pikajeng saged rendhet lampahipun, ambyarr angen-angene, kadidene montor cilik ditunggangi wong gedhe awake. Saking rendhetipun anggene lenggah ngantos sar-ser siyat-siyut. Sangsaya malih kepanggih grobag mogok (ing pada kaping kalih) ketambahan isi babi lha nggih tambah kemawon alanganipun, saged telat/kasep menawi selak kesesa... heemm đŸ«Ą Gegambaranipun kalajengaken ing pada kaping tiga lan sekawan. Senadyan lagu dolanan, ngemu tuladha lamun badh...

CUACA EKSTREM

  kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1DZdZqaY2w/?mibextid=oFDknk Sacara umum, pangertene " Cuaca " yaiku kaanane hawa 'atmosper/atmosfer' ing wektu lan ing laladan/wilayah tartamtu gandhenge karo adhem-panase hawa (suhu udara, bs.Ind.), sunare srengenge, angin, udan lan owah-owahan kaanane hawa liyane. Dene pangertene " atmosper/atmosfe r" yaiku lapisan hawa kang ngemuli bumi nganti dhuwure +/_ 300 km kang isine maneka campuran gas nitrogen, oksigen, argon lan gas-gas liyane. Ing wekasan iki asring kapireng warta-warta ing tv bab "Cuaca Ekstrem" kang digiyarake dening BMKG (Badan Meteorologi, Klimatologi dan Geofisika). ' Cuaca ekstrem ' bisa digambarake kedadean owah-owahan kaanan iklim alam sacara njomplang lan dadakan. Kedadean cuaca ekstrem bisa jalarane : 1. Owah-owahan iklim, disababake anane pamanasan global (sacara warata) ndadekake cuaca ora temtu kadhang banget panase kadhang banget adheme nyempal saka padadan. 2. ...

NYENYAMAHAN KAORMATAN WANITA DENING PRIYA TUNADAKSA

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1QwjhtWgpS/?mibextid=oFDknk Kaprungu kabar yen ana palanyahan lan nyenyamahan kaormatan wanita (pelecehan seks) dening priya tunadaksa (cacad laire) marang mahasiswi, masarakat digawe kaget! Kok bisa ya ngatase pawongan ora sampurna ing anggane ora duwe tangan tumindak nistha nyenyamah? Ananging, miturut salah siji Komisioner Komnas Perempuan, pangertene masarakat bab nyenyamahan seks klebu pangrudapeksa seks cara olehe nyawang kurang jembar, mung disawang saka kacamata laire wong normal bae. Nyenyamahan seks kayata pangruda-peksa (pamrakosan seks) ora mung winates hubungan badan bae ning bisa uga liwat cangkem kanthi meksa mawa ngancam-ancam. Pangruda-peksa bisa uga katindakake migunakake barang-barang utawa angga/awak liyane kayata sikil. Malah bisa uga si plakone meksa kurban nyekseni pidio utawa photo intim nyebarake wirang/aib. Utawa bisa uga tumindak nggrayangi, ngusap-usap bagean badan kang wadi tanpa pasarujuka...

RANCANGAN UNDHAK-UNDHAKAN PAJEK

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/17WfGMVddM/?mibextid=oFDknk Ing taun ngarep 2025, pamarentah ngrancang arep ngundhakake pajek yaiku Pajak Pertambahan Nilai (PPN). Miturut Menteri Keuangan RI, mesthekake undhak-undhakan PPN saka 11% owah dadi 12% kaetrapake amung kanggo barang-barang 'mewah' bae. Sawetara, barang lan jasa seprene iki kang dadi kabutuhan pokok masarakat akeh bakal tetep dibebasake saka pangetrapan PPN. Kang gawe legane masarakat kabeh, Menkeu ngendikakake, " Dak baleni lan daktegeske, barang-barang kang ora dietrapi ing PPN tetep ora dietrapi pajek kasebut. Ananging PPN 12% bakal kaertrapake amung marang barang-barang kang kaanggep mewah!" (kadudud sumber berita cnnindonesia.com/ekonomi/20241212210834-532-1176802/..) Menkeu ngunandika meneh, dene barang lan jasa kang tetep bebas saka ing PPN 12% yaiku barang kang klebu kabutuhan pokok kayata beras, daging. iwak, tahu tempe, endhog, sayuran, susu seger, gula, jasa pendhidhikan, jas...

SAIKI AKU NGERTI

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1BJg16nDJR/?mibextid=oFDknk Saiki aku ngerti, - nadyan kita wis ngupaya lan nyambut gawe mempeng, - nadyan kita wis nindakake wajibe printah agama,  - nadyan kita wis sregep ngibadah ing dalem pangibadah (mesjid, greja & kuil), sregep ndedonga, lan nindakake pakaryan sosial, ananging panggah bae uripe sarwa kesrakat lan mlarat. Aja kuwatir! ora prelu was sumelang lan cilik ati! apa maneh, ngundhat-undhat/nutuh marang Panjenengane Gusti Allah Kang Ma' Kawasa kang ngereh jagad saisine. Ana bocah cilik pitakon marang ibu bapake : " Ibu bapa, kenging menapa kita mlarat?" Kanthi sareh sang ibu ujar, " Thole, urip iku kaya mlaku-mlaku ing Supermarket" "Kabeh wong bisa milih lan nggawa barang-barang sing dipengini. " bacut ujare ibune. " Sapa sing nggawa sapotong roti, dheweke kudu bayar regane sapotong roti." "Sapa sing nggawa telung potong roti, kudu bayar regane roti telung pot...

WELINGE BAPA MARANG PUTRA MANTUNE

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/15JCDjrbv7/?mibextid=oFDknk - "Sing sepisanan ngrangkul putriku iku aku, dudu sliramu." - "Sing sepisanan ngesun putriku iku aku. dudu sliramu." - "Sing sepisanan ngopeni putriku iku aku, dudu sliramu." * Sinambi ngusap eluhe đŸ€§, sang bapa mbacutake,  "Ananging, aku nduweni panjaluk (pangarepan) marang sliramu dadia bojo kang ngancani putriku saumur uripe." "Aja nganti dheweke kok sia-sia lan kok larani, utamane pangrasaning ati!" "Lan sawanci ing dina mengkone sliramu wis ora tresna meneh, aja kok kandhakake dheweke, ning cukup mung kok aturke marang aku! Aku bakal ngajak nggawa mulih!" đŸ˜đŸ€§ Ukara ing nginggil dhawuh welingipun bapa nadyan ketingalipun sapala, nanging anggadhahi makna ingkang lebet saha salaras kalihan Catur Weda ing salah satunggaling adicara urut-urutan tiyang sepuh mantokaken putrinipun kinasih. Catur Weda mujudaken satunggaling acara dhawuhipun bapa d...

PRABEDA PAMANGGIH PUNIKA ENDAH

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/14uxEVJyiZ/?mibextid=oFDknk Para sanggya kadang kang kinasih, kita samya ngawuningani bilih saben tiyang anggadhahi kekiyatan, karikatan, kacukatan, katrampilan kang beda-beda, gumantung yuswa, kesehatan, padadan lsp lsp. Makaten ugi ing salebeting konkiren, jor-joran rebat unggul upados dedagangan lss. Ing kawontenan kados makaten temtu wusananipun nuwuhaken regejegan boten sehat, saged-saged ndadosaken memengsahan sacara tinarbuka. Pramila satunggal lan satunggalipun kedah saged ngendhaleni kanepson lan sasaged-sagedipun ngemuti bilih sadaya sampun nggadhahi rejekinipun piyambak-piyambak, Gusti Allah ingkang ngatur. Ewa samanten, kadadosan prabeda pamanggih punika endah lan sampun jamak kang kawastanan endahing dhemokrasi.  Emanipun, ing babagan politik wonten kemawon ingkang sami rebut kursi panguwaos, udreg-udregan menangipun piyambak, ngasoraken ngasanes boten ngajeni malah kelangkung ngolok-olok lawan tandh...

JAGAD KADHÊMÊN

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/15GZdySAXi/?mibextid=oFDknk Jagad kadhĂȘmĂȘn, mĂȘthĂ”thĂ”l kaku katĂȘntrĂȘman, sanyĂ„tĂ„ datan tinĂȘmu. PagĂȘblug kasĂȘwĂȘnangan, panyiksan gawe judhĂȘg ing samĂȘngko ngĂ„mbrĂ„-Ă„mbrĂ„ nora kandhĂȘg. UpĂ„mĂ„ aku pangĂ”n, dak pasrahke wĂȘdhusku upĂ„mĂ„ aku juragan, dak pisungsungake rĂ„jĂ„-branaku Nadyan aku urip pĂ„pĂ„, dak kurbanake uripku cikbĂšn jagad iki nora kadhĂȘmĂȘn kaku. TĂȘntrĂȘm rahayu dadi gĂȘgayuhan prĂ„ umat tansah kasuwun Gusti sinung sih-rahmat. Dhuh Allah pĂȘpujan sanggyaning prĂ„ kawulĂ„ uwalkĂȘn kawulĂ„ saking bĂȘbĂȘndu PadukĂ„. JM, lingsir dalu, 041224            ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️            [^__^]  [^__^]