SATUNDHUN GEDHANG -falsafah-
Gedhang/pisang mujudake sawijining woh-wohan kang gampang tinemoni ing sadhengah panggonan. Kejaba rasane sing legi uga duweni pitamin lan kandhutan gisi sing murakabi kanggo kabutuhan kesehatane manungsa.
Nalika kita pigatekake rentenganing gedhang ing tundhune sing kaya gulu banyak yen wis tuwa ing uwite, gedhange mateng uwit rupane kakuning-kuningan. Padadan matenge ora bareng kabeh satundhun. Katon sing wiwit mateng dhisik saka salirang/sadhompyok gedhang dhuwur dhewe utawa saka bonggole gulu banyak disusul ing salirang-salirang ngisore. Mangkono uga salirang gedhang sing dhuwur dhewe wujude luwih gedhe/lemu tinimbang salirang ngisore.
Kenapa bisa mangkono? Iya amarga gedhang sing dhuwur dhewe luwih disik nampa lumebune/asupan pakan, mula salirangan pisang sing ana ngisore matenge luwih keri lan ora lemu kaya pisang ing dhuwure.
Saka andharan satundhun pisang mau sejatine duweni falsafah utawa ngelmu kawicaksanan bab piwulang/pangajaran dene uriping manungsa ing pakumpulan apa bae, ing pasrawungan kulawarga, klompok masarakat, badan-badan pakumpulan resmi antarane siji lan sijine anggota tamtu duweni kalenggahan (kedudukan, bs Ind.) dhewe-dhewe, duweni pangkat lan rejeki dhewe-dhewe, ora kena meri kadya satundhun pisang iku.
JM, madya_april_rongewu_patlikur.
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Dlm bhs. INDONESIA kira2 begini :
Pisang merupakan suatu buah yg gampang dijumpai dimanapun disetiap daerah. Kecuali rasanya manis juga mempunyai vitamin dan kandungan gisi yg bermanfaat bagi kebutuhan kesehatan manusia.
Ketika kita perhatikan rentetan pisang dlm setandannya yg seperti leher angsa kalau sdh tua dipohon dan matang warnanya kekuningan. Biasanya matangnya tdk berbarengan semua dlm tandannya. Terlihat yg matang duluan adalah dari sekelompok sisir yg paling tinggi dekat dg bonggolnya pada leher angsanya kmd disusul dengan sisir pisang berikutnya. Begitupun sisir pisang paling atas tadi bentuknya lebih besar & gemuk. Kenapa bisa begitu? Ya, karena pada sisir yg teratas itu lebih dahulu memperoleh asupan makanan, makanya pisang pada sisir berikutnya tidak lebih besar dari sisir pisang diatasnya.
Dari uraian satu tandan pisang tadi sebenarnya menpunyai filsafat atau ilmu kebijaksanaan yg mengajarkan pada kita bahwa hidup manusia dalam perkumpulan apa saja, dlm pergaulan keluarga, kelompok masyarakat, organisasi2 resmi antara satu anggota dengan yg lainnya tentu mempunyai kedudukan sendiri2, tidak boleh saling iri seperti halnya pisang satu tandan tadi.
Komentar
Posting Komentar