NETEPAKEN PILIHAN KANTHI LERES
Satunggiling pilihan tansah nggadhahi kawusanan ingkang sae utawi awon.
Wontening sejarah Purwaning Dumadi kang sinerat ing Kitab Suci, Ibu Kawa ing petamanan Eden nalika wawan rembag kalihan iblis kang ngemba-emba sawer bab dhawuhlpun Gusti Allah sejatosipun ibu Kawa mangertosi dhawuh wewaleripun Gusti punapa tundhonipun menawi ngantos nedha uwohipun satunggiiing taneman ing satengahing petamanan Eden. Dhawuhipun Gusti Allah makaten : "Aja sira pangan, malah ndemok bae aja, supaya sira ora mati!" Kanthi julig sawer/iblis glembuk ibu Kawa menawi boten badhe pejah malah saged nyameni kalihan Gusti Allah.
Ringkesing carios, ibu Kawa langkung milih pambujukipun sawer, inggih punika adhedhasar punapa ingkang puntingali lan punremeni, boten adhedhasar punapa ingkang Gusti Allah dhawuhaken, makaten manungsa lajeng dhawah ing dosa.
Emanipun, kedadosan dhawah ing dosa wau nunten dumados ing pagesanganipun manungsa ngantos jaman samangke. Kita langkung milih suwantening nala lan nggugu punapa kang sanes saking dhawuh pangandikanipun Gusti. Kita malah rangu punapa inggih dhawuh pangandikanipun Gusti estu-estu sae jalaran ketingal boten sekeca kangge kita. Ing ngriki iblis tansah nggubed manah kita nedya mbujuk/glembuk kanthi julig.
Asring kita langkung nengenaken pangraosing manah anganggep lan netepaken adhedhasar punapa punika kang mencutaken, damel begja utawi ngremenaken. Kawusananipun, kita tetep kemawon nemtokaken pilihan kang klentu lan dhumawah ing tumindak dosa.
Kita pancen nggadhahi pepenginan mardika, nanging salebeting kamardikan wau Gusti ugi maringi wewaleran ingkang boten kenging punterak.
Kang dados pitakenan, punapa inggih kita nedya milih punapa ingkang Gusti karsakaken? Punapa malah kita langkung milih punapa kang ketingalipun mencutaken lan ngremenaken?
Sumangga kita mugya saged nyetitekaken lan netepaken pilihan kanthi leres miturut dhawuh pangandikanipun Gusti. Rahayu kita pinaringan kawicaksanan ingkang pinangkanipun saking Gusti Allah, Kang Murbeng Dumadi.
Gusti Allah amberkahi.... Amin Aminnn 🙏🙏
JM, parak esuk, 27424
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar