SAWATARA AKU NOLEH
Sawatara aku noleh marang dalan kang dakliwati,
sihe Gusti kang dak tampa kanthi eraming ati.
Sanadyan akeh alangan wah kandhang lelimengan,
nanging Gusti karsa nuntun.
Mulane aku ngungun, wit asta ning Allah ngreksa,
temah rumangsa begja
Ora merga aku becik, tanganku tinuntun astanya;
ora jalaran sampurna, aku tansah rineksa.
Aku tansah kaeraman, wit tansah binerkahan.
Kadiparan nggonku nampa sih tresnane Kang Kwasa?
Daklakoni, dakedumke marang umat sadaya.
kadudud saking KPJ 395
JM, gagat bangun, 17424
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar