GUSTI ALLAH SANG PANGAYOM

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid0bnZSFbqCz7jHUNWcVVuF2NzFsyMH7BXp8ce9J6hazKRH4h2j7mMzAxbeaW5uVz31l/?mibextid=Nif5oz

Sapa bae wonge mesthi nate nemoni pantoge dalan. Sajroning pepuletan kang abot sanggane, rasane kakuwatan kita nglokro entek gusis/ludhes. Ing kahanan kadya mangkono prayogane kita sangsaya ngrumangsani gumantunge marang Gusti Allah. 

Iya mangkono iku puji kekidungan kang nelakake kapracayane marang Allah minangka sumber kakuwatan lan pangayomane.


Gusti Allah iya satuhu minangka pangayom umat titah-E. Panjenengan-E ngawisesani tumrap bumi lan alam sajagad rat. Manungsa duweni wajib tetepa ana ing dalane Gusti sarta mijil pribadi kang tulus lan mujudake katentreman ing ngendi bae dunung kita.


Ing samengko iki, bokmenawa kita uga lagi ditrajang pepuletan urip. Kaya-kaya kita ditrajang saka sakiwa tengen kita, nggubed ora kober leren. Trajangan-trajangan iku bisa awujud gangguan kesehatan lan danardana, rupege gawean, cecongkrahan urip bebrayan karo pasangan utawa geguletan iman kapracayan. Bab-bab iku mau katon abot sanggane kaya-kayane ora ana dalan kanggo ngrampungake.


Ananging pracayoa, Gusti nyantosakake iman kita liwat dhawuh pangangandikan-E ing kitab Masmur kang nelakake dene sejatine Panjenengane ora nate sepisan-pisana nilarake kita. Panjenengan minangka Pangayom sejati. Ayo kita kanthi mantep ujar mawa kebaking kayakinan iman : "Dhumateng Paduka Gusti, kawula kepareng marek namung ing pangayoman Paduka!"


Salam tentrem rahayu wonten ing pantunggilaning Allah Gusti kita.

Gusti amberkahi... Amin Aminn 🙏🙏


JM, gagat bangun, 15424

         ✍️ eNPe ✍️

         [^__^]  [^__^]


Siapa pun pasti pernah mengalami jalan buntu. Dalam pergumulan yang berat, rasanya kekuatan kita terkuras habis. Pada saat itulah seharusnya kita makin menyadari kebergantungan kita pada Allah. Demikianlah pemazmur mengungkapkan keyakinannya akan Tuhan yang menjadi sumber kekuatan dan perlindungannya.


Tuhan adalah pelindung umat-Nya. Ia berkuasa atas bumi dan alam semesta. Tugas manusia adalah tetap berada di dalam jalan-Nya serta menjadi pribadi yang tulus dan menghadirkan damai di mana pun kita ditempatkan.


Saat ini mungkin kita juga tengah diterpa pergumulan. Kita seolah-olah diserang dari berbagai sisi. Mungkin serangan itu berupa gangguan kesehatan, kesulitan keuangan, keretakan hubungan dengan pasangan, atau pergumulan iman. Masalah tersebut mungkin tampak begitu besar dan sepertinya tidak ada jalan keluar.


Saat ini Tuhan meneguhkan kita melalui firman-Nya dalam Mazmur  bahwa sesungguhnya Dia tidak pernah sekalipun dan sesaat pun meninggalkan kita. Ia adalah Sang Pelindung sejati. Marilah kita berseru dengan penuh keyakinan iman: "Pada Tuhan aku berlindung!"


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN