RUKUN AGAWE SANTOSÅ
Rukun agawe santoså
sayuk rukun bêbarêngan ambangun pråjå.
Rukun agawe santoså
gõtõng rõyõng ing bêbrayan sabên dinå.
Rukun agawe santoså
kakung, putri, wrêdhå, mudhå datan bedå.
Rukun agawe santoså
kasunyatan anèng donya manekå warnå.
Åjå adigang, adigung, adigunå
dumèh darbe pangkat, drajad lan kapintêran.
Kabèh iku bêcik nêdyå biså pigunå
kanggo muji kamulyane Pangèran.
Rukun agawe santoså
Bhineka Tunggal Ika iku wujudnå
ayo pådhå asêsantyå
Rukun agawe santoså.
JM, madya ratri, 6424
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar