PASEMON NGELMU DRIJI PANUDING

   kapacak ugi ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02x5BaTs8Zta8fPm6q5HMhPC8nB2h11qhJNFgZpSsVBERTw3b8jYjSE63ykjQwm1Qil&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz

Nate mireng punapa ingkang sinebat 'Pasemon ngelmu driji panuding'?

 Nalika kita nudingi ngangge driji panuding (jari telunjuk, bs Ind.) dhateng ngasanes, badhe wonten tigang driji (driji panunggul, driji manis lan jenthik) ngener mring kita.

Punika ngemu wredi dene kita padadan gampil nuding utawi andakwa nglepataken tiyang sanes, nanging boten purun ngakeni kalepatan dhiri pribadi kita piyambak. 


Ing wekdal samangke kita asring nguningani kadadosan wonten salebeting adu papriksanan prakawis korupsi upaminipun, pehak ingkang lapor nuding pehak ingkang tinuding korupsi kangge nutupi bilih piyambakipun ugi kagendeng, kalebet prakawis ingkang punajengaken. Punika nggambaraken bilih nalika nuding sejatosipun tigang driji sanesipun ngener dhiri pribadi.


Makaten ugi padudon ing tengahing masarakat. Salah satunggal mencak-mencak nuding ngasanes damel wirang laku bedhang/bandrek dhateng semahipun, boten ngrumaosi bilih jalaran awit saking lepatipun piyambak asring mara-tangan (kdrt) lajeng semahipun pados panylamuran.


Makaten ugi prakawisan asil Pemilu ing pangadilan Makamah Konstitusi. Para pehak ingkang prakaran samidene nudingi pehak sanes nglepataken, kamongka dereng tamtu leresipun kanthi ngetingalaken serengipun.


Kathah conto-conto sawetawis tiyang ingkang remen damel nindhes ngasanes. Sawetawis tiyang meres kanthi aji mumpung ngagulaken kalenggahanipun minangka pamong praja (abdi nagara), Wonten 'pengusaha' ngakali reregen peken ameksa masarakat bayar regi barang langkung awis. Wonten ugi pamong ukum ngalap opah kumisi boten resmi saking kurban kaculikan lss lss.


Mila kaprayogakaken, saderengipun nuding-nuding ngasanes cobi 'introspeksi' nggagas kanthi ngonceki dhiri pribadi menapa sampun leres tandang tandukipun piyambak nedya nyingkuri supados tigang driji sanesipun boten ngener badanipun piyambak?


nuwun 👏, mugya kita samya manggih karahayon.


JM, gagat enjing, 5424

         ✍️ eNPe ✍️

        [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN