PEMIMPIN ADISURA SINENGKUYUNG WARGA ADISURA
Akeh panitipriksa ing jaman sarwa maju mituduhake dene tokoh-tokoh pemimpin kang adisura (hebat) kerep banget ora mitayani anggone ngemban jejibahane kanthi becik tanpa para rowang adisura kang anyengkuyung.
Maneka warna pakumpulan, paguyuban lan uga bebrayan ing tengahe masarakat, sejatine mbutuhake pangupaya saeka-praya lan gotong royong saka ing kabeh anggotane utawa wargane kang adisura anyengkuyung gagasan-gagasan kang migunani dening pemimpin/pamong kang mandhegani jejibahane minangka pemimpin kanggo mulyane pakumpulan klebu negara lan bangsa.
Ora prayoga yen padha jegal-jegalan ing antarane tokoh-tokoh kang diunggulake..., eling marang sesorah "Rukun agawe santosa, Crah agawe bubrah."
Mulane, ayo para kadang sutresna kita nulad lan sinau ora dadi palaku (pemain) sing amung mikirake dhiri pribadi bae, ananging dadia palaku paguyuban kang bisa guyub, sayuk-sayuk rukun gotong royong ambangun praja kanggo mulyaning urip bebrayan warga lan nagara.
Mugi rahayu kang tinemu
bagas saras kang linaras
sarwa ayem kang tentrem
Gusti amberkahi..., Amin Amin🙏🙏
JM, lingsir wengi, 70124
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar