DHEBAT
Punapa ta sejatosipun kang kaaran dhebat?
Tembung kasebat mujudaken solah bawa adu pamanggih, adu gagasan, adu pamikiran, adu katrampilan nanging dede/sanes adu otot kang tundhonipun saged-saged adu kusir wontenipun namung pados menangipun piyambak boten ngemong raosing manah ngasanes /lawan dhebat.
Pramila ing dhebat kang katujokaken kangge tetandhingan prelu wonten panengah supados boten ngambra-ambra saking wewengkon kang sampun puntetepaken lan punsarujuki sesarengan. Salah satunggal kang utami inggih punika njagi raos hardaning manah, boten elok lajeng ngetingalaken lan nengenaken muntab ing kanepson (emosi, bs.Ind).
Makaten ingkang saged kula aturaken ing ngriki supados boten ngambra-ngambra saha ngayawara.
Sumangga! Mugi rahayu sagung dumadi. Gusti amberkahi...., Amin Amin... 🙏🙏
JM, parak enjing, 16124
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar