PASEMON BURUH PAMETHIK ING KEBON TEH

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid04aTncDSCS56G2sz5pAgVXH7bB5ADWTc7PUot86xPNt8WHC1eX6y62eGCN8ynvTDfl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc

Sawijine dina juragan kebon teh duwe niat arep maneni teh ing kebone. Sawuse rembugan karo salah siji mandhore lan para buruh sing wus padha kumpul si juragan mau esuk iku sarujuk mbayar saben wong siji ing dina iki sedina sepuluh ewu rupiah, ya sedina sepuluh ewu rupiah, banjur akon para buruh mau nyambut-gawe ing kebone teh.


Kira-kira jam sanga esuk si juragan kebon teh mau katekan sawetara wong padha nembung pengin melu mburuh methik teh. Wong-wong mau uga tumuli mangkat. 


Kira-kira jam rolas lan jam telu sore  katekan meneh sawetara wong sing kepengin melu mburuh methik teh, nuli diidini lan wong-wong mau enggal-enggal padha budhal. 


Kira-kira jam lima sore katekan maneh saperangan wong nembung  pengin melu mburuh methik teh, iya padha diidini lan enggalan nusul buruh-buruh sing wus padha methik.


Bareng wis surup, sing duwe kebon mau kandha marang mandhore: "Buruh-buruh kuwi padha undangen, padha wenehana opahe, wiwit saka sing tekane keri dhewe nganti tekan sing dhisik dhewe."


Tenan, sepisanan wong-wong sing padha wiwit nyambut-gawe kira-kira jam lima sore nuli teka, lan diopahi sepuluh ewu tupiah.

Sawuse kuwi nuli sing pungkasan mlebu sing luwih esuk dhewe padha mara. Pengirane bakal padha tampa luwih akeh. Nanging jebul iya tampa sepuluh ewu rupiah wong siji.

Nalika padha nampani opahe, wong-wong mau padha nggrundeli sing duwe kebon.

Pangucape: "Para berah ingkang sami mlebet kantun piyambak menika rak namung sami nyambut-damel setunggal jam. Kula sami nyambut-damel sedinten muput lan sami kebentèren; kenging menapa kok tiyang-tiyang wau panjenengan paringi opah sami kaliyan kula?"

Wangsulane juragan kebon :

"Tampanana opahmu sing wus kita sarujuki esuk mau lan lungaa. Iki wis dadi karepku menehi wong sing mlebu keri dhewe padha karo sing dakbayarake marang kowe ing dina iki. Ee lha dalah, apa sebabe kowe meri yen aku loma marang wong liya? "


Eliding pasemon,

nggambarake lamun uripe manungsa ora bisa adoh saka rasa meri, ora adil, rumangsa diblithuki lsp lsp; kurang setiti anggone nampa pangerten ing rembugan sakawit, wusanane banjur seling-surup/salah tampa kaya para buruh pamethik teh sing wus luwih dhisik tekane. 

Kahanan kaya mangkono sing asring kedadean urip pedinane ing tengah-tengahing masarakat.


Nyumanggakaken 👏

Sugeng ngayahi jejibahan sowang-sowang, 

mugi rahayu sagung dumadi, 

bagas saras kang linaras.

Gusti amberkahi... Amin 🙏🙏


JM, sande-kala, 18124

         ✍️ eNPe ✍️

         [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN