GUSTI SUMBER PITULUNGAN SEJATI
Prakara, pacoban, malah rasa sumeng ing ngaurip bisa-bisa mbulet ngupengi kita. Nanging, senadyan kabeh mau andadekake kita rumangsa ciut ing ati, aja wedi maneh awit Gusti Allah kang kita pracaya iku Gusti kang Maha Agung kang ora bakal sare. Pitulungane bakal kita tampani saka Panjenengane kang minangka sumbering sumber sakabehane.
Senadyan pait lan getir urip kang kita adhepi iki, kita minangka pribadi, kulawarga lan bangsa Indonesia aja nganti nglalekake lan mlengos ninggalake Gusti ing sajroning saben geguletan / pepuletan pangudidaya kanggo kamajuan lan katentreman dhiri, kulawarga lan bangsa. Saben warga bokmanawa duweni rasa yen kabeh uwong njaruhi / ngregoni kita anggone kita arep milih tokoh kang kita anggep apik dhewe. Eling kita tetep marak marang Gusti awit ya Panjenengane sumber pitulungan sejati.
Samono uga kita sacara pribadi lamun duweni sedyatama / sedya luhur tansaha marak ing Ngarsane Gusti nyuwun panuntune supaya pinaringan padhang lan dalan tinarbuka bisa luwar saka rasa ruweting ngaurip.
Dedonga lan nyenyuwuna marang Panjenengane kanthi mantep lan tulusing ati, pitulungan bakal kaparingake saturut karo wektu kang wus dadi karsa-Ne. Aja was sumelang marang bab-bab kang durung temtu kadadean marga iku ora bisa ngrampungake masalah kang lagi kita adhepi. Marak, yakin lan pracayaa dene Gusti mesthi bakal mitulungi lan paring dalan kanggo ngentasake saka pepuletaning urip.
Salam tentrem rahayu kang pinangkaning saking Gusti mugya karumetaha mring kita sadaya, Gusti amberkahi.... Amin Amin 🙏🙏
JM, bangun esuk, 60124
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar