MUGYÅ LUMAKSITÅ KLAWAN BASUKI
Wus dugèng wancinyå kitå nilar warsi lami,
gyå napaki panjangnyå warsi enggal puniki,
lumêbêt ing warsi padós pangarsi nêgari,
nadyan rêgêjêgan rêbut pamuji nging tansahå rukun sami,
wit sih rahmate Gusti kitå samyå basuki.
Sabên ari umyêk ing salumahing pójók nagari,
anêbar papencut mrih nyidhuk pamilih kanthi satiti,
tan sande adóh sing wêwatón kang sinarujuki,
tan maelu myang subasitå bêbrayan nagari,
mugyå lumaksitå klawan basuki bångså puniki.
JM, pajar-sidik, 100124
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar