ING ARDI LAN NGARE

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid02m5aUE97sfbQ5YejP4E39tuLpydbF9qPb8hrbVuKP3tsLxb8a3h74ZyYmKncS7fB4l/?mibextid=2JQ9oc

Ing ardi lan ngare, sabên langkahku 

ing årå-årå dalah gung liwang liwung, sabên langkahku.

Ing bantålå lan dirgantårå, Gusti anjangkungku

ing ngêndi dunungku, Gusti tansah angampingi s'estu.


Tan gingsir Gusti tansah ngawuningani arcåpådå

såpå bae pinayungan kang darbe pangarêpan mring asih-Nyå.

Sadhengah sato wanadri dalah tuwuhan binêrkahan samyå

yå, sagung titah uripe tansah rinêkså.


Kumandêlå, he p'rå sadulur pådhå angaståwåå Gustimu

nadyan tå sangsårå, rumakêtå mring Gustimu.

Sang Pamitulung kang sêtyå Må' Agung s'èstu

nadyan jroning kasangsaran Gusti tansah nuntun langkahmu.


JM, esuk kekes, 31124

           ✍️ eNPe ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN