KACANG LALI MARANG KULITE

   kapacak ugi ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0mZk8amkNdGFpAxW1461LLsPAQ8zpDzz9F8z6zCKXbvhMa6G73G3Z7gFjwVDQ8mLml&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc

Paribasan 'Kacang lali marang kulite' asring kita pireng ing basa Indonesia "Kacang lupa akan kulitnya'. 

Paribasan punika anggadhahi teges kangge gambaraken tiyang ingkang gumunggung, kesupen mring asal-usulipun, supe mring sinten ingkang saged nglumantaraken /andadosaken ngantos gesangipun misuwur.


Contonipun paribasan kasebat kangge mratelakaken upaminipun wonten tiyang papa/mlarat gesangipun saking dhusun dumugi ing kitha lajeng misuwur/sukses gesangipun, dados pejabat misuwur tumunten gesangipun gumunggung ngantos ngesupenaken asal-usulipun (lupa daratan, bs Ind).


Ugi gambaraken tetiyang ingkang supe mring kanca/mitra-kadang/sedherek ingkang sampun adamel/nglumantaraken piyambakipun misuwur /sukses. Sinten kemawon ingkang saged sukses ngantos kadya ingkang punlampahi samangke amargi pikantuk pitulungan, panyengkuyung utawi panjurung saking kanca, kadang utawi sedherek. Pramila kita minangka manungsa ingkang nggadhahi akal/nurani sehat sampun samesthinipun atur panuwun punapa kang langkung sae piyambak dhateng tiyang-tiyang kang sampun paring pitulungan wau.


Dados boten elok lan boten prayogi bilih kita lajeng kesupen dhateng sinten ingkang sampun udhu kangge kamisuwuran gesang kita. Menawi ta ngantos kadya makaten, saged-saged kita kalebet kasebat ing paribasan 'Kacang lali marang kulite'.


Paribasan punika ugi saged kasandhang mring para caleg (calon wakil rakyat) saha calon pemimpin nagari. Tamtu kita dongakaken mugi-mugi para wakil rakyat lan pandheganing nagari kang nembe nebar pepencut (tebar pesona, bs Ind.) mangkenipun boten kalebet golongan ingkang kados paribasan wau.


Mugi rahayu kang pinangkanipun saking Gusti piyambak dumados ing bangsa Indonesia tumuju Indonesia emas, adil makmur tata tentrem raharja.... Amin Amin 🙏🙏


JM, gagat-bangun, 120124

          ✍️ eNPe ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN