SAINDHÊNGING JAGAD RÅYÅ MUJÅ ASTÅWÅ
kapacak ugå ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid058opV8uVcBXvj91foDWCwyJECRm8iPUBSWLrNZf1TWPfZaR98GTenv2iaiomgfhZl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Saindhênging jagad råyå nabastålå gumêlar bawerå kartikå gumêbyar ing cåkråwålå trang bagaskårå gumanti mångså. Prå titah-Nyå munjuk mujå aståwå Allah kang mêdharake kawiseså-Nyå wit sagunging hikmat-Nya sanyåtå mring prå umat samya. Datan gumiwang wit duk samånå babad kawuri kacarita diwangkårå, candra cinipta saindhênging jagad råyå dalah saisinyå. Allah kang akaryå lan wiseså gumêbyar ing akåså kang mujå aståwå Sang Pangriptå dumadine pasêksi umat tumitahnya. Limênging ratri kang sidhēm ndalidir kêrlap-kêrlip kartikå anêlahi panggah trang datan owah gumiwang. Kumlebat praupan sumringah kapiyarså kidung pêpujian Måhå Ebat dalah Elõk pakaryan Allah Sang Pangriptå. JM, lingsir wêngi, 30123 ✍️ eNPe ✍️ [^__^] [...