SARIRA(awak) SATUNGGAL, GEGELITANIPUN(peranganipun) KATHAH
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3180095985602850/
Kadosdene sarira/badan punika satunggal, nanging gegelitanipun kathah; sarta saliring gegelitaning badan punika sanadyan kathah, samidene manunggal.
Inggih perangan-perangan sarira punika boten saged kapisah-pisah, satunggal lan satunggalipun samidene anggadhahi kagunan/kadarman piyambak-piyambak.
Awitdene badan punika gegelitanipun boten namung satunggal nanging kathah, pramila :
a. Saupami suku calathu : “Sarehne aku dudu tangan, mulane aku ora klebu peranganing badan,” punapa leres lamun suku boten klebet gegelitaning badan?
b. Saupami mripat calathu : “Sarehne aku dudu kuping, mulane aku ora klebu peranganing badan,” punapa inggih leres menawi mripat wau boten klebet gegelitaning badan?
Gusti Allah sampun ngriptakaken/ngrancang gegelitan punika, kapapanaken piyambak-piyambak wonten ing badan, miturut ingkang dados Karsanipun.
Saupami sadaya wau namung dados perangan satunggal, lajeng sarira/badanipun wau wonten ing pundi?
Pancen peranganipun kathah, nanging badanipun namung satunggal!
Ing ngriki nelakaken iba agungipun cipta-riptaning Gusti, manungsa minangka cipta-riptaning Gusti kang inggil drajadipun katandhing titah-titah sanesipun, sayogyanipun sami njagi kawontenan punika kanthi estu.
Supados ing salebeting badan sampun ngantos wonten pasulayan, nanging sadaya perangan kang benten-benten kawontenanipun punika malah kedah sami reksa-rineksan.
Pramila menawi wonten perangan satunggal ingkang sakit, perangan sanesipun sami ngraosaken sakit, manawi wonten satunggal ingkang ingajenan, sadaya sami tumut bingah.
Gegambaran punika nelakaken dene ing sawijining badan/pakumpulan (kulawarga, paguyuban, badan usaha, kumpulan masarakat sabangsa lsp) saben anggotanipun anggadhahi kagunan/kadarman piyambak-piyambak. Milapunika guyub-rukun lan ajen-ingajenan prelu winujudaken kangge anggayuh punapa ingkang sinedya adhedhasar kabetahan sesarengan.
Nyumanggakaken para sutresna PBJ 👍
Salam tentrem rahayu 🤝
Gusti amberkahi .. Amin 🙏
JM, lingsir wengi, 5222
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar