ALLAH SANG MAHA PANGUSADA
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3188976271381488/
Saben tiyang nate nandhang sakit. Punapa malih bilih tiyang wau ngantos punabani sesakitipun datan saged dipunusadani, boten saged punselaki ngraosaken cuwa lan sedhih sanget. Wusananipun kadosdene sinamber bledhek raosipun, sarwa lungkrah anglampahi gesang salajengipun. Samanten ugi senadyana ratu ingkang gadhah kalenggahan inggil utawi kawula alit limrah, tiyang ingkang sugih utawi mlarat saged kemawon nandhang sesakit ingkang awrat sangganipun.
Kacarios wonten satunggaling abdinipun Gusti ingkang gesangipun sarwa kacingkrangan katemtokaken dening dhokter bilih sesakitipun boten saged dipunusadani. Midhanget makaten, pun abdi wau lajeng dedonga sumarah klawan gumolonging manah pitados dhumateng Kuwasos saha Sih-Palimirmaning Gusti Allah.
Minangka wujuding wangsulan pandonganipun, inggih awit saking keparengipun Gusti sinung janji ngusadani dhateng piyambakipun jalaran teguh iman kapitadosanipun sumarah pasrah dhumateng Panjenenganipun Allah Sang Maha Pangusada. Gusti Allah ngrumentahaken dirga ing yuswanipun, punapa malih sakalangkung ngluwari gesangipun saking kasangsaran awit sesakitipun.
Byuh-byuh iba bingah, sasampun anampi kanugrahan kalawau, pun Abdining Gusti datan kendhat muji sokur konjuk Gusti jalaran salebeting nampi pepancasan/panetepan ngantos dumugening pejah, piyambakipun saged matur sesambat nyadhong pitulungan dhumateng Gusti, ing sayektos Gusti sampun kepareng ngawilujengaken.
Kawuningana, wonten wancinipun rikala sesakit anjalari kasangsaran ngantos awrat sangganipun, ananging prayogi sampun ngantos sesakit kalawau nebihaken kita saking Gusti Allah. Minangka tiyang pitados, sesakit boten mligi bab badan sarira kemawon, ewasemanten ugi ngengingi teguh ing iman kapitadosan. Wekdal samanten, pun Abdining Gusti rumaos dipunsupatani Gusti. Sanadyan gadhah rasos remuk ing manah, nanging piyambakipun saged nampi kasunyatan bilih estunipun temah mlajeng ngungsi marek ing pangayunanipun Gusti punklawan dedonga nedya kebak pangajengan saha agenging kapitadosanipun bilih Gusti sejatosanipun Sang Juru Usada.
Ing kawontenan sesakit kang kita sandhang, dening iblis dipunginakaken kangge ambebujuk kita nedya nebihaken saking Gusti kanthi nuwuhaken raos boten nggadhahi pengajengan lan sengit dhateng Gusti, punika ingkang punincer dening si iblis. Pramila bilih ngantos kita lena lan kabujuk boten saged nampi kasunyatan punika, ingkang nguwatosaken kita saged kemawon nuli nilaraken Gusti Allah.
Sumangga kita nuladhani patrapipun pun Abdining Gusti ingkang panggah ndedonga tuwin tumungkul ing ngarsanipun Gusti tetep setya minangka Abdining Gusti. Nyumurupi bilih kasarasan badhe dumados awit saking karsanipun Gusti piyambak saha tetep amulyakaken ka-Agunganipun sanadyanta salebeting nandhang sakit.
Asung puji sokur bilih Gusti Allah kita punika Allah Kang Maha Usada inggih Sang Juru Usada, ingkang bengkas samudaya reribet, sesakit dumugenipun bagas saras jiwa lan sarira. Bilih wonten sesakit ingkang awrat sangganipun, inggih namung Panjenenganipun tuking kakiyatan kita. Sampun ngantos sesakit andadosaken kita lepya/ngesupenaken Sih-Kasetyaning Gusti. Tansaha tetep teguh nedya pangajengan maring Gusti, lampahana jejampi kanthi sabar lan pasrah saha pitados bilih Sang Dhokter Agung ngusadani kita temah estu-estu sarasipun.
Amin 🙏...., mugi kita samya kasinungan bagas saras jiwa lan sarira tinebihaken saking pageblug utamanipun C-19, nir baya nir sambekala... Amin Amin 🙏🙏
JM, gebyar esuk, 17222
dening eNPe
nate kapacak wulan Juni 2021 ing https://enpeoke.blogspot.com/2021/06/allah-sang-maha-pangusada.html?m=1
Komentar
Posting Komentar