MBAH PUTRI NUMPAK BECAK

    kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3187143058231476/


Ceritane mbah putri bar blanja neng pasar *Beringharjo*, mulihe pengin numpak becak. 

Nyang-nyangan karo tukang becake.


Simbah: "Pak, 5 ewu purun nggih ?". 


Tukang becak: "Oh dereng saged, 10 ewu mawon mbah.."


Simbah : "Emoh ah, 5 ewu wae ta...!!! Mengko tak duduhi dalane, ben cepet tekan omahku yaa..."


Tukang becak: "Mboten saged mbah... Nek 10.000 nggih kula purun.."


Mangkel merga tukang becake ra gelem ngedukke rega, akire simbah putri ngalah, karo munggah lungguh becak.


Simbah ngedumel: "Nggih pun, tak bayar 10.000.!!"


Pas neng dalan...


Tukang becak: "Mandhap pundi, mbah?"


Simbah: (Meneng wae...)


Tukang becak: "Lha niki mandhap pundi, mbah...???"


Simbah: "Kan wis tak omongi dhek mau... Nek 5.000 mengko tak duduhi dalane... Ning nek 10.000 ya ora tak kandani omahku ngendi ta, GOLEKANA DHEWE...!!!"


.......Tukang becak. : mbah2..mbayar Rp.10 ewu wae menehi alamat palsu..kaya *Ayu Ting Ting* wae.. kwek..kwek..kwek..


HAHAHAAA....AYO NGGUYU 🤣🤣

yen ngguyu jok ketok omponge..!!!🤪🤪


~Kasalin apa anane saka grup WA tanggane~, 10219

         nuwun eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN