GUDHEG IMPOR -waosan siang-siang-

     kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3195011827444599&id=1684548218490975


Sawijining warung kulineran ing kutha Bangkok negara Thailand saben dina rame banget dening planggane. Warung iku cukup sedhengan ora katon wah nyuguhake masakan Indonesia nanging iba ramene sing antre nganti dawa.


Dumadakan ana warga negara Indonesia (WNI) sing nedya sarapan, dheweke rada gumun ngematake warung sing ana tulisane 'GUDHEG JOGJA' iku, banjur melu antre.


Giliran antreane enggal pesen marang sing dodol, "Mas, aku pesen saporsi gudheg komplit!"


Sawuse ngicipi kontan ujar, "Mas..., gudhege kok luwih enak ya katandhing karo gudheg asline Yogja, apa ya resepe?"


Sing dodol gudheg, "Oo... niku biasa mawon pak, namung yen teng Yogja nangkane ngangge nangka lokal asli daerah ta nggih...  lha yen teng ngriki ngangge nangka impor."


WNI, "Wahh..., huebat mas pantesan huwenak nan....👍 terus diimpor seka ngendi mas ?"


Wangsulane sing dodol gudheg, "Heemmm...., saking Ngayogjakarto pak !"


"Woowww... trembelane sampeyan mas... ya ya ya ora kleru iku..", ujare si WNI karo acung jempol loro 👍👍

bacute, "ya wis aku bungkuske rong porsi ya, kanggo oleh-oleh mulih Indonesia!"


Apa tumon ana WNI tuku gudheg impor seka ngamanca negari Gajah Putih ??? 🚴‍🤪🤣


JM, madya raina, 25222

      dening eNPe



Di kota Bangkok ada sebuah rumah makan sederhana dg menyajikan menu masakan Indonesia. Datang seorang wni yg akan makan siang, dia tertegun ada gudeg Jogja, .. langsung pesan.


Stlh mencicipi kontan berujar :

"Mas.., gudegnya kok lebih enak dari aslinya gudeg Jogja ya, apa sih resepnya?"


Penjual :"Oh.. itu biasa aja, cuma kalau di Jogja nangka nya pakai nangka asli daerah ya..., kalau disini kami pakai nangka import".


WNI :"Waow... heibat pantesan huenak nan ... lha nangkanya diimport sih... trus diimport dari mana mas?


Penjual :"...hemm... dari Ngayogyakarto pak.."


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN