PRELUNE TEPA-SLIRA ING PAGEBLUG COVID-19
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3189454734666975/
Lamun kita niti kanthi permati sumebare warta dene ana pawongan plesiran sing wurung menyang Bali merga dheweke ketaman positip Covid-19, eee lha kok malah bisa-bisane ngalihake plesiran anggone preenan menyang Malang. Iku nalare kepriye jal..., cetha dene banget mrihatinake sing mung nggugu karepe dhewe. Kang dadi pitakonan kok ing Malang bisa mlebu panggonan wisata apa ora ana pepriksan dening kang kawogan? kamangka ing Bali ora bisa mlebu.
"Kepriye kita ora prihatin marga isih bae ana wong kang nyepelekake/nglirwakake tumulare C-19 malah lagi dhuwur-dhuwure jroning 2 minggu kapungkur iki," ngendikane juru wicara pamarentah kanggo nangani C-19 Prof. Wiku Adisasmito mangsuli pitakone para "wartawan" jroning gelaran paring katerangan ing Graha BNPB, Selasa kapungkur (8/2/2022) kang digiyarake ing kanal Youtube Sekretariat Presiden.
Ing bab iki kudune bisa dadya tuladha kanggone masarakat prelune nyingkirake butuhe dhewe murih kanggo kaslametan bareng sakabehane. Kejaba dhuwur rasa tepa-slirane masarakat, pamarentah daerah ya pamong praja kang kawogan ing tlatahe kono klebu pandhegane wisata minangka pananggung jawab bener-bener nindakake wajib ing papriksan kasehatan mawa '3 utawa 5 M' murih bisa nyegati tumularane C-19 sing wus dhuwur ing kahanan alamiah sarana-sarana umum kang ngatonake kebak sing padha plesiran.
Tumraping Pemda uga prelu ngetrapake pepancasan ukuman miturut paugeran kaajap bisa agawe kapok mring masarakat, jalaran wus rong taunan iki ketaman ing pageblug. TNI/POLRI, Pemda, Satgas uga ora kurang anggone ngetrapake paugeran supaya kita kabeh bisa aman saka C-19 lan ekonomi uga tetep bisa lumaku.
JM, madya ratri, 17222
kajarwa dening eNPe
sumber kadudud saka ing, https://covid19.go.id/artikel/2022/02/08/prof-wiku-orang-positif-covid-19-berwisata-sangat-memprihatinkan
Jikalau kita menilik terkait kabar viral seorang wisatawan yang gagal ke Bali karena positif COVID-19, malahan mengalihkan liburannya ke Malang. Hal ini jelas adalah hal yang sangat memperihatinkan yang hanya mengedepankan egonya saja.
"Bagaimana kita tidak prihatin karena masih saja ada orang yang menyepelekan penularan COVID-19 bahkan sedang tinggi dalam 2 minggu terakhir ini," kata jubir pemerintah untuk penanganan Covid-19 Prof. Wiku Adisasmito menjawab pertanyaan media dalam agenda keterangan pers di Graha BNPB, Selasa lalu (8/2/2022) yang disiarkan kanal YouTube Sekretariat Presiden.
Hal ini harusnya bisa menjadi pelajaran bagi masyarakat untuk perlunya mengesampingkan ego demi keselamatan bersama. Selain kesadaran yang harus tinggi dari masyarakat, pemerintah setempat termasuk penyelenggara wisata sebagai penanggung jawab fasilitas publik untuk betul-betul melakukan skrining kesehatan, karena dapat mencegah penularan yang tinggi di tengah kondisi alamiah fasilitas publik yang cenderung padat.
Untuk Pemerintah Daerah juga harus memberikan sanksi yang memberikan efek jera pada masyarakat, karena sudah 2 tahun berjalan pandemi. TNI/POLRI, Pemda menegakkan peraturan agar kita semua bisa produktif aman COVID-19.
Komentar
Posting Komentar