GELUT PEPULETAN NGLAWAN PAGEBLUG

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3178066725805776/


Donya samengko lagi ana ing kahanan gelut pepuletan nglawan pageblug mawa pitakonan ngenani asih lan kaadilane Gusti Allah. Ing satengahing trajangan pageblug donya dadi ora kuwawa. Senadyan ngadhepi kaya-kaya ora duwe daya, ora diprayogakake banjur anglalekake lan ninggalake Gusti. Sabab Panjenengane kang akarya lan mengku jagad iki, ya hamung Panjenengane kang ngreksa jagad raya, uga Gusti kang ngawikani saben dhiri pribadi manungsa minangka titahe.


Gusti madosi pribadi-pribadi kang kesdu ngakoni kabeneran sayekti-Ne lan netepake kaadilan miturut pilalan (kang dipilih) sing wus ginarisake. Ya, iku nugraha, sejatine Gusti ngersakake sinung Asih-tresnane mring kita nadyan kita datan maja-maja (ora pantes) nampani. Ya hamung krana nyumurupi lan nyarujuki kaagungan, asih lan kaadilane Gusti, wong pracaya bisa nayogyani (mupakati) sacara bener.


Minangka wong pracaya kita katimbalan tuwin kinersakake anggagas kaagungan, asih lan kaadilane Gusti sajroning urip kita supaya bisa ngunjukake rasa sokur marang Gusti Allah. Urip ngabekti ing peladenan karohanen iku mujudake wohing rasa sokur kita konjuk marang Gusti.


Sumangga para sutresna PBJ 👏

Salam tentrem rahayu! đŸ€

Gusti amberkahi.. Amin 🙏


JM, gagat bangun, 2.2.22

        dening eNPe


Dunia saat ini bergulat melawan pandemi dengan pertanyaan tentang kasih dan keadilan Allah. Di tengah hantaman pandemi, dunia menjadi tidak berdaya. Meskipun berhadapan dengan ketidakberdayaan, kita tidak boleh melupakan Allah. Sebab, Dia yang menciptakan dunia ini, Dia yang memelihara semesta, Dia juga yang mengenali setiap hati dan diri manusia.


Allah mencari pribadi-pribadi yang siap mengakui kebenaran-Nya dan melakukan keadilan menurut kriteria yang telah ditentukan-Nya. Inilah anugerah; sesungguhnya Allah berkenan memberikan kasih-Nya kepada kita meskipun kita tidak layak menerimanya. Hanya dengan menyadari kebesaran, kasih, dan keadilan Allah, orang percaya akan dapat memberi mupakat secara tepat.


Sebagai orang percaya kita diundang untuk merenungkan keagungan, kasih, dan keadilan Allah di dalam hidup kita supaya kita dapat mengungkapkan rasa syukur kita kepada Allah. Hidup dalam pelayanan kerohanian adalah buah dari rasa syukur kita kepada Tuhan.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN