PRATANDHA WEKASANE JAMAN

  kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3196354910643624/


- Karusakan alam (bencana) sarta sawernane prahara, kadurbalan/kacilakan, lindhu, banjir bandhang lsp siji mbaka siji dumadi ing ngendi-endi ing salumahing bumi iki. 

- Pandhemi Covid-19 sing wus meh ngancik 3 taunan gawe mosak-masiking tatanan panguripan masarakat bangsa-bangsa. 

- Kadursilan lan sawernane tumindak kadurakan nadyan katone sapala lan uga kang sipate temata kadya ana sing ngatur dumadi ing ngendi-endi.

- Payudan/paperangan dumadi uga ing negara-negara, ora mligi payudan wadhag nanging uga perang ekonomi ing antarane negara-negara ing donya iki.


Wiwit jaman biyen, payudan pancen wus ana, ya ing antarane suku, agama, krajan uga bangsa-bangsa. Saka panerus utawa turun-temurun nganti seprene isih bae tinemokake payudan amarga pasulayan rebut papan wilayah nagara kang tundhone mangan kurban jiwa ora sethithik lan karusakan kaprajan.


Mbokmanawa puncake kadadean ing jaman saiki. Sawuse PD I lan II kadya kang kadadean ing Ukraina diserang dening Rusia. Apa iya iki pratandha arep dadi perang kang nggegirisi?

Oh, muga-muga bae ora! Muga-muga negara Adidaya Rusia lan Amerika dalah pra sekuthone (NATO) ora kepancing kekisruhan iki.


Kadadean-kadadean kasebut mujudake prantandha ilapat-ilapat (ngalamat) arep tumekane Tandha-tandha Wekasane Jaman kang minangkani rawuhe Gusti Allah ngadili manungsa kaya kang wus wineca ing kitab-kitab sakabate Sang Kristus.

He para bangsa!.., he para manungsa kang duweni jejibahan jejering panguwasa, dipadha manunggala ing budi sumuyuda dhawuhe Pangeran Gusti Allahmu, padha tresna tinresnana ing antaraning sapepadha, aywa padha pasulayan rebut panguwasa, sabab panguwasa kang sejati ya amung ana ing Astane Gusti Kang Amengku Urip iya Gusti Allah Kang Maha Wisesa.


Tinulis ing Mat 24:6-8  "Kowe bakal krungu swaraning perang utawa kabar-kabar bab perang. Nanging diawas, aja padha kaget, sabab iki kudu kalakon, ewadene iku durung wekasane.

Sabab bangsa bakal nglawan bangsa, krajan nglawan krajan. Bakal ana pailan /paceklik lan lindhu ing pirang-pirang panggonan.

Nanging iku kabeh mung lagi wiwitaning sangsara ngarepake jaman anyar."


Luk 21:25-26, 31  “Apadene bakal ana ilapat-ilapat ing srengenge, ing rembulan lan ing lintang-lintang, sarta ing bumi para bangsa bakal padha wedi lan bingung marga saka gumlegering sagara lan alun.

Wong-wong bakal padha semaput dening giris amarga kuwatir marang apa kang bakal nekani jagad; amarga kabeh panguwasaning langit bakal gonjing.

Mangkono uga manawa kowe padha nyumurupi lelakon mau, padha mangretia yen Kratoning Allah wis cedhak."


Salam tentrem rahayu 🤝

Mugi Gusti amberkahi.... Amin 🙏


JM, minggu esuk, 27.2.22

       dening eNPe


Jarwa ing basa Indonesia,

Bencana terjadi satu persatu hampir diseluruh belahan dunia. Wabah yg berupa pandemi Covid-19 telah memporak porandakan sendi2 kehidupan masyarakat sudah hampir 3 tahun ini. Kejahatan2 yg bersifat sederhana maupun yg komplek terjadi di mana2,. Peperangan terjadi juga di tempat2 tertentu di negara tertentu juga, bukan hanya peperangan fisik tapi juga peperangan ekonomi antar negara2 di dunia ini.


Sejak zaman dulu, peperangan memang sudah terjadi. Baik antar bangsa, suku, agama, dan kerajaan. Dari generasi ke generasi, selalu ditemukan peperangan yang memakan banyak korban jiwa.


Namun, puncaknya terjadi pada zaman sekarang. Usai Perang Dunia I dan II, banyak orang yang resah akan adanya Perang Dunia ke III seperti yg terjadi di Ukraina yg diserang oleh Rusia. Apakah ini awal akan terjadinya perang dahsyat?

Hal2 tsb adalah sebuah pertanda akan datangnya akhir jaman dimana akan datangnya Tuhan untuk menghakimi dunia yg telah dinubuatkan didalam kitab-kitab murid-murid Kristus.


Mat 24:6-8  "Kamu akan mendengar deru perang atau kabar-kabar tentang perang. Namun berawas-awaslah jangan kamu gelisah; sebab semuanya itu harus terjadi, tetapi itu belum kesudahannya.

Sebab bangsa akan bangkit melawan bangsa, dan kerajaan melawan kerajaan. Akan ada kelaparan dan gempa bumi di berbagai tempat.

Akan tetapi semuanya itu barulah permulaan penderitaan menjelang zaman baru."

Luk 21:25-26, 31 "Dan akan ada tanda-tanda pada matahari dan bulan dan bintang-bintang, dan di bumi bangsa-bangsa akan takut dan bingung menghadapi deru dan gelora laut.

Orang akan mati ketakutan karena kecemasan berhubung dengan segala apa yang menimpa bumi ini, sebab kuasa-kuasa langit akan goncang.

Demikian juga, jika kamu melihat hal-hal itu terjadi, ketahuilah, bahwa Kerajaan Allah sudah dekat."


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN