PILIHAN GUMANTUNG DHIRI KITA (nuladhani kasaenan utawi piawon)
kapacak ugi ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3176222369323545&id=1684548218490975 Samangke, pilihan gumantung dhiri kita piyambak-piyambak, punapa kita nedya dados jejering pribadi kang nuladhani kasaenan utawi kosok wangsulipun piawon? Lamun kita minangka jejering pemimpin, mila makaten kita temtu dados patuladhan mring andhahan kita minangka pemimpin ingkang sae utawi awon. Bilih kita minangka jejering tiyang sepuh, anak-anak kita saged nulad tandang-tanduk kita ingkang sae punapadene ingkang awon. Makaten ugi mitra kadang saged samidene dados tuladha piyambak-piyambak antawis satunggal lan satunggalanipun. Pramila, sumangga kita tetep angreksa patrap saha tandang-tanduk ingkang sae lan leres supados kita boten dipunemuti lan kondhang minangka pribadi ingkang awon nanging kosok-wangsulipun misuwur pribadi ingkang sarwa sae, saha kita saged pundadosaken patuladhan ingkang leres dening tiyang sanes ing pasrawungan sakiwa tengen kita. Mila makaten t...