Postingan

Menampilkan postingan dari Januari, 2021

SANG PANGON KANG BECIK

  kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2909016609377457&id=1684548218490975 Pangon kang becik, nyuling merdu, nuntun kaangone nurut iline banyu, ngejarake ngeyup sangisor wit-witan, ing ara-ara ijo-royoning pasuketan. Oh sang pangon kang gemati, swara suling slaras iline tirta kali, gawe tentrem ayem ing ati, kaangone marem sami. Mring kaangone kang ngorong lan angluh, sang pangon paring banyu ngombe, rumesep ing ati ngelak lan lungkrah, sumadhiya banyuning urip kang seger.   Jroning ngadhepi kalimputing bebaya, kita nora giris mring satru samya, awit Sang Pangon kang jejer Mitra, Juru Pangayom kita sinung gesang mulya.   JM, esuk kekes, 29121        dening eNPe

ADIL LAN BENER

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2908170352795416&id=1684548218490975 Sajroning urip bebrayan ing tengahing masarakat prelu dipeperti tatanan urip ana ing kaadilan lan kabeneran ateges ora prayoga dadi hakim dhewe. Tumindak dadi hakim dhewe asring bisa njalari kroyokan nemtokake pancasan/putusan miturut ukuran kabenerane dhewe.  Ana uga dadi hakim awujud anyebar pandakwa warta-warta kang lamis durung mesthi bener tumraping wong kang kadakwa. Kita ora prayoga lan ora kena ngakimi/ngadili wong liya kanthi pancasan sing durung ana buktine, kita kudu njunjung tatanan panduga durung mesthi salahe. Uga ora prayoga ambage-bage warta tumraping uwong (sabanjure sinebut kurban) kang durung cetha kasunyatane. Warta kang wus kadhung sumebar lan durung kabukten kabenerane bisa gawe kapitunane si kurban ora duwe wektu kanggo mbela pribadine ngupaya kabeneran. Kaseksene kanggo nyethakake apa sing sanyatane, asring ora bisa mbalekake ngresiki jenen...

SINAU ANGAJENI MRING LIYAN

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2907728419506276&id=1684548218490975 Saben manungsa wus jamak ora kepingin dianggep remeh, ora mitayani lan kurang pinter. Manungsa biasane ngudi-daya kepriye carane supaya kuwat, wasis, kajen lan misuwur mawa gelem bayar rega kang akeh banget minangka pangurbanane. Kawuningana dene Gusti Allah sejatine ngersakake kita dadi titah kang andhap asor. Kanugrahane Gusti malah yekti kaparingake mring wong-wong kang tanpa daya, kurang wasis lan uripe sarwa kesrakat. Rasa gumunggung malah mratandhani dene isih ana wong-wong kang ora rumangsa yen kanugrahan iku sanyata binabar jroning uripe. Biasane rasa kurang pitaya, kurang wasis lan ora kajen tumuju patrap andhap asor iku dumadine ora gampang. Kamangka kadya mangkono iku mujudake tandhane kamanungsan, uga kurang teges lan sarwa cupet jroning dhiri pribadi. Wani jujur angakoni karingkihan, kurang pitaya, elek lan alaning kita iku minangka purwakaning sinau andh...

PEPESTHEN NGAURIP

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2906400289639089&id=1684548218490975 Mendhung ngembeng banyu udan..,  udan njur kaesokake ing bumi.., samangsa ambruking wit iku mangidul utawa mangalor..,  ya tetep gumlimpang ing panggonan ambruke. Urip nora adoh saka ing pepesthen.., alure jumbuh putere cakra panggilingan.., Ana wancine ing dhuwur ana uga ing ngisor.., lir gumantya saliring kang sinedya. Ana wancine tetunggilan ana uga pepisahan.., ana kalane gyak ing pakaryan ana kalane angangguran.., tan kandheg kang dumadi anyar ing tatanan.., lir gumantya saliring kang sinedya. JM, sandyakala, 25121        dening eNPe

GURIT PAMUJI SOKUR

  kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2905252766420508&id=1684548218490975 Manuk pipit cilik kinasih dening Gusti.., bakung ing ara-ara kadunungan endah ing warni.., luwih-luwih awakku rumuntuhan sihing Gusti.., datan kendhat muji sokur wus samesthi. Saliring sato galak gedhe cilik samya kekancan.., urip rukun ring-iringan gegojekan.., Siji miber siji menclok, siji mencolot siji playon gumbira.., sijia bae nora ana kang geseh tumraping Sang Pangripta. Pra umat sadarum aywa giris ing ati.., sumendhea, angauba mring Gustimu kang angasihi.., sinung kang kaesthi rahayu kang tinampi.., kalis saka ing pageblug Covid kang datan keksi. JM, gagat bangun, 24121         dening eNPe

WATU, KRIKIL & PASIR

     kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2904443813168070&id=1684548218490975 Profesor ahli ilmu filsafat ing ngarepe para mahasiswa lagi nggawa lan nuduhake sawijine toples, saperangan watu, kerikil lan sagenggem pasir. Para mahasiswa nyawang barang-barang iku sajak bingung lan pengin ngerti kira-kira apa sing arep ditindakake lan diwulangake dening sang profesor. Tanpa sabawa sathithika, profesor wiwit ngleboke watu-watu cilik ing njero toples. Para mahasiswa katon bingung, nanging sang prosesor tetep durung paring katerangan apa-apa. Sawuse watu-watu iku mencep ngebaki toples, profesor nembe ngendika. Sang prof ndangu apa toplese wus kebak? Para mahasiswa mangsuli yen toples iku wus kebak. Sang prof njur alon-alon nyuntak krikil ing njero toples iku karo nggoyangake alon toples iku temahan krikil-krikil bisa mlebu ing sela-selane watu. Sang profesor bali pitakon apa saiki toplese kebak? Bebarengan para mahasiswa mangsuli yen toples iku...

REGEJEGAN ING BADAN PEMILU

  kaemot uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2903639303248521&id=1684548218490975 Padha dene wus kita sumurupi badan Pemilu ing Indonesia ana telu yaiku : 1. KPU -Komisi Pemilihan Umum 2. BaWasLu -Badan Pengawas Pemilu 3. DKPP -Dewan Kehormatan Penyelenggara Pemilu Tetelune badan kasebut wus kacetha nduweni jejibahan dhewe-dhewe jroning ngayahi dharmaning demokrasi murih kaleksanane pemilu. Hamung emane kang pinracaya lan tinanggenah mandhegani ing antarane badan pemilu mau padha sulaya nora salaras siji lan sijine kepara kut-sikutan migunakake wewengkone nganti tumeka nglengserake pimpinan KPU dening DKPP hamung krana alesan kang kurang maton yaiku nerak tata pepatutan. Apa ya bener mangkono?? Apa nora yen ta kang duwe kalungguhan ing tetelune badan kasebut duwe kapentingan dhewe-dhewe? iki uga prelu kauji! Kita minangka warga masarakat biasa prihatin banget ana kadadean iki ing satengahing swasana pageblug Covid-19 kang durung rampung ketambahan duhkita ...

BANJIR NERJANG KUTHA ING TLATAH PAGUNUNGAN

   kaemot uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2899976610281457&id=1684548218490975 Nalika wanci udan/rendheng asring kita keprungu warta ing kutha2 tlatah girilaya/pagunungan bisa ketaman banjir.  Sajroning alam pikiran kita ora bisa diselaki duwe pitakonan 'kok bisa ya ing ngatase dhaerahe dhuwur bisa ketrajang banjir?' Yen kita onceki lan pigatekake dhaerah-dhaerah nggunung saperangan sing maune dhaerah resepan banyu saikine wus owah dadi tlatah pomahan lan gedhong-gedhong. Akehing dhaerah pomahan anyar jalaran tambahing warga pendhudhuk sing dituding minangka sumbering bab dadi anceman banjir.  Apa iya mangkono? Apa iya ana sing kleru anggone ngrancang pembangunan ing dhaerah kutha-kutha gedhe?  Lamun kita gagas lan sawang kanthi permati, jujur bae dene rancangan pamekaran sawijining tlatah akeh kang kurang malah ora salaras karo alam. Kutha-kutha senadyan ing wilayah girilaya/nggunung kang ora ana kaline gedhe, sing ana kali-kali ci...

MENULIS BAHASA JAWA (dengan hurup Latin) YANG BENAR

  kaemot uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2897951443817307&id=1684548218490975 Oleh Hargo Pramudya pada Selasa, 17 Juli 2012 pukul 22.12 Menulis bahasa Jawa dengan hurup Latin. “Bojoku loro”……. Hah…. !? Sampeyan rabi maneh  ya ?.... “Anakku untune sing  loro“ Hah..? anakmu rak wis gedhe-gedhe to..? kok untune lagi loro…? Menulis bahasa Jawa, mungkin tidak diajarkan di sekolah ya…? Sehingga sering kali terjadi cara menulis bahasa/kata-kata Jawa dengan tidak pas, termasuk teks-teks yang ada dalam CD-VCD lagu-lagu Jawa, SMS, Koment di FB seperti contoh di atas dsb…. Bahkan termasuk kesalahan dilakukan oleh orang Jawa yang berlatar belakang pendidikan lumayan….. (maaf…).. untungnya skripsi tidak ditulis dengan bahasa Jawa…. He..he.. Kesalahan paling menonjol dan mengganggu utk yang biasa dan tahu menulis dan membaca bahasa Jawa, yaitu pada penggunaan huruf vokal atau huruf hidup : a-i-u-e-o Contoh lain:  Ada yg menulis “Mator nuwon”  seh...

ARCAPADA ANAMBUT SUKARENA

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2894797007466084&id=1684548218490975 Mantyanta endahe pletheking wayah esuk, sang bagaskara miyum ngujiwat katon sumringah, ocehan peksi sesautan lir gumanti, sekar arum semerbak angganda wewangi, pinangkane hamung berkah nugrahaning Gusti Kang Ma Agung. Ijo royo ing bumi, padhang ing langit, slaras warna warni kluwung kang elok, sinawang sengsem, tentrem lan edhum, arcapada anambut sukarena, pinangkane hamung berkah nugrahaning Gusti Kang Ma Agung. JM, wayah esuk, 100121        dening eNPe

RASA BOMBONG KANG LAMIS

     kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2891656554446796&id=1684548218490975 Aja duwe pamikiran,   a. wong liya sing ora nglakoni kadya apa kang kita tumindakake utawa ora nduweni kadya kang kita duweni, iku luwih asor tinimbang kita    b. aja nganggep dene pangibadah kita luwih apik tinimbang ibadahe wong liya   c. aja nganti kesalehan (urip karohanen) kita ndadekake duwe rasa bombong kang lamis jroning nala.    d. aja nganti kesalehan kita ngedohake kita saka kulawarga lan paseduluran ing antarane pra kadang, aja nganti duwe panganggep yen kita rumangsa luwih suci katanding wong liya. Tedhak turun, kasugihan, kapinteran, warna kulit, kadigdayan ing paprangan kabeh iku dudu ukuran kesalehan kita. Akeh bangsa-bangsa ing Afrika, Eropa, Asia, Cina, Jepang lan ing salumahing bumi liyane kang mbokmenawa luwih cedhak karo Gusti Allah tinimbang kita, katitik hamung katone sepele dene bangsa-bangsa kasebut bisa nan...

SINGKURI NGUMPUL-NGUMPUL SAWUSE NGEPIT BARENG

    kaemot uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2889515671327551&id=1684548218490975 Ulah-raga kaprayogakake kanggo ambangun kedhoting/wuleding (kebal ind.) badan saka memala sajroning pageblug Covid-19. Salah sijining jinis ulah-raga sing lagi digandrungi yaiku ngepit/nyepedhah. Ing warta-warta lan sawernaning kalawarti ora kurang tansah dielingake supaya masarakat tansah anetepi pamrayogane ing babagan kasehatan kang kondhang kaaran 'protokol kesehatan' utamane nalika lagi padha kumpul-kumpul, klebu ngepit diprayogakake sabisa-bisa ngurangi kumpul-kumpul. Ulah-raga perlu banget kanggo anjaga lan nambahi kedhoting (imunitas) badan. Nanging emane nalika mlayu-mlayu utawa ngepit bebarengan akeh sing padha kurang ngugemi kepara nglirwakake anggone netepi pamrayogane kesehatan.  Contone sawuse ngepit kumpul-kumpul 5 tekan 15 wong mbukak panutup irung lan cangkem (masker), ngopi-ngopi lan ngobrol ngalor ngidul. Tumindak kaya ngene iki sing gampang nda...

TANGGAP WARSA ENGGAL

Gambar
   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2888026968143088&id=1684548218490975 Pinuji puji Gusti sih rahmatnya gung yekti salebeting warsa lami kita tansah den rimati, nadyan tinempuh pageblug nanging tansah manteping ati, wit kinanthi ing Gusti temahan tansah basuki Linuhurna Hyang Makwasa kang langgeng katresnannya, ing warsa enggal puniki nggih mesthi tansah mberkahi, mung karaharjan sanyata ngirid lampah kita, mila tan kendhat muji lan setya-tuhu mring Gusti. Kita nilarken warsa lami wit kang enggal sampun prapti, anapaki mlebet ing warsa enggal puniki, samya silih andongakna mrih mulya gesangira, tansah winengku dening Gusti Kang Ma'kwasa. *Sugeng tanggap WARSA ENGGAL 2021!*🙇‍♂ JM, lingsir️ wengi, 10121       dening eNPe https://sehen.site/id/f-n2?f=eNPe