Postingan

Menampilkan postingan dari Agustus, 2020

WANI NGAKONI KALUPUTAN -wani ngalah dhuwur/luhur wekasane-

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2777565205855932&id=1684548218490975 Wani ngakoni kaluputan mujudake bab kang angel katindakake. Asring kita ora rumangsa wus tumindak luput, mulane angel ngakoni lan ngotot benere dhewe kang wusanane gawe kapitunane wong akeh.   Ngakoni kaluputan iku pancen butuhake tekad gedhe. Upamane ing kampung ana gelut kroyokan iku racake jalaran ora ana sing wani ngakoni kaluputan lan nyadhong pangapuraning liyan, pungkasane ndadekake seling surup antarane siji lan sijine. Kabeh rumangsa bener dhewe ora ana sing wani ngalah. Mulane ana pitutur ' wani ngalah dhuwur/luhur wekasane' wus ora tau keprungu kadya kang ana ing kekidungan jamane leluhur kita. Apa kita gelem kanthi rila-legawa wani ngakoni kaluputan? Pangakon iku wujud penampaning dhiri dene kita iki sejatine minangka manungsa tanpa daya lan sering nglakoni kaluputan. Mula saka iku kita uga kudu terus sumendhe nyenyuwun panuntuning Gusti Allah, Pange...

DHUH GUSTI, TINUNGGILAKEN KAWULA

    kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2776543632624756&id=1684548218490975 Dhuh Gusti, tinunggilaken kawula wontening Sih-Katresnan Paduka Tinuntun lampah kawula lampah ing margining kayekten  sinebarna karahayon kang nunggilaken Dhuh Gusti, datan kuwawa kawula nglampahi saliring godha Linanting ing Asta Paduka ing salebeting lelampahan, boten mangu ing salebeting pasulayan Dhuh Gusti, hamung kuwaos Paduka benteng pangayom kawula ingkang ngiyataken nalika lena Temah wilujeng kawula saking mengsah duraka Dhuh Gusti, Paduka nakoda kawula temah dumugi ing raharja Paduka Sang Juru Mudhi kawula tyang kang tumemen setya tinunggilken ing palwa Paduka      JM, lingsir wengi, 30820         dening eNPe

GUSTI TANSAH NUNTUN JANGKAHKU

     kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2775703219375464&id=1684548218490975 Aku mantep Gusti nuntun jangkahku sarta ambuka dalan ku Lamun pasrah lan dedonga tuhu Gusti tansah nuntun jangkahku Sih kadarmaning Gusti pinaringake kanugrahan agung karumentahake puji sokur konjuk ing pangayunan Gusti sumuntaking berkah datan kendhat puniki   Aku mantep nderek Gusti awit kebak karahayon kang tinampi kamulyaning urip sarwa pinesthi ing margining kayekten Gusti   JM, lingsir wengi, 29820        dening eNPe

DODOLAN GEDHANG (dol tinuku gedhang)

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2773376999608086&id=1684548218490975 Ing sawijining desa sing dununge ing pulo gung liwang-liwung, asil utamane pisang/gedhang. Akeh gedhang sing enak rasane marga lemahe subur ing desa kasebut. Kejaba legi, gedhe-gedhe lan kondhang kasiate becik kanggo kesehatan. Mulane wargane ing kana akeh sing nggumantungake urip saka asil dodolan pisang. Ananging jalaran dhaerahe mencil, para wargane kudu adol pisang menyang kutha kang adohe kurang luwih 30 km-an. Uga sarana dalane isih rusak durung diambah pambangunan kepeksa kudu mlaku nyabrang kali karo nyunggi utawa mikul gedhang saktundhun rong tundhun. Tumekane pasar kutha, pisang mau wus ana sing nadhahi.., laris banget. Dhuwit sing ditampa digawa mulih menyang desa, nanging sadurunge mulih ana padatan nggawa oleh-oleh. Anehe sing dienteni kulawargane ing desa biasane oleh-oleh awujud "Gedhang Goreng" iku wus dadi padatan mataun-taun. Wahh... adoh-adoh mlaku ...

PANGINGON KEBO

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2772442013034918&id=1684548218490975 Ing pinggiran desa ana pangingon kebo kang duweni atusan kebo ditekani pegawe dhinas peternakan sing nyenyamar.  "Saben dinten maesane disukani pakan menapa pak?", pitakone pegawe dhinas peternakan. "Oh, namung kula sukani suket-suketan mawon pak.", wangsulane pangingon kebo. "Yen ngaten bapak kula dhendha jalaran nyukani tedha maesane boten samesthine." ujare si pegawe dhinas peternakan, "Sampean kula dendha 500 ewu" bacute pegawe dhinas peternakan.   Pirang dina sabanjure ditekani maneh dening pegawe dhinas peternakan ning seje wonge lan pitakon bab kang padha : "Bapak nyukani pakan menapa maesa niki?" "Ooh..., niku kula sukani pakan keju, hamburger lan susu", wangsulane si pangingon kebo. "Yen ngaten bapak kula dhendha 1 yuta rupiah amargi nyukani tetedhan nglangkungi wates salimrahipun!", clathune si pegawe d...

NGAJENI LELABUHANE GURU -pasemon-

     kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2766086273670492&id=1684548218490975 Ing sajroning pirembugan, ana siswa pitakon marang gurune. Siswa : "Menapa estu bilih guru punika minangka tetiyang ingkang pinter? Kenging punapa kok boten para guru ingkang dados pemimpin ing donya, juragan ingkang misuwur punapadene priyagung ingkang sugih?" Guru amung mesem, datan mangsuli apa-apa nuli mlebu ing sawijining kamar banjur metu maneh nggawa timbangan. Guru tumuli ndeleh timbangan iku ing ndhuwur meja, lan ujar : "Anakku, timbangan iki adade kanggo ngukur bobote emas kanthi petungan ukurane tekan 5000 gram". "Pira regane emas iku?", pandangune marang si siswa iku. Si siswa karo nyengkurengke bathuke, ngetung nganggo alat etung (kalkulator) banjur mangsuli, "Bilih satunggal gram emas pun regeni 800 ewu rupiah, mila 5000 gram pangajinipun sami kalian 4 milyar rupiah." Guru : "Ngene anakku, upama saiki ana wong nawakke timb...

MARDIKA SAKA ING KORUPSI -mungguhing kamardikan sajati-

Gambar
   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2765138527098600&id=1684548218490975 Bung Karno ngendika, "Pambudidayaku luwih gampang marga nglawan kaum penjajah, nanging pambudidayamu sejatine luwih angel marga nglawan bangsamu dhewe!" Iku kabukten nganti seprene kita kudu nglawan bangsa dhewe kang isih kadunungan kabodhoan, kamlaratan, ketinggalan jaman, kurang ajen-ingajeni, kurang rasa ing guyub lan kang banget olehe mbebayani yaiku tumindak ngekepi darbeke liyan ya klebu ngunthetake kaskayan (korupsi). Sawernane kahanan mau isih prelu dibesmi lan terus ambudidaya murih bisa uwal saka tumindak ora prayoga. Ing kene cetha kamardikan isih prelu diupaya terus, pancen abot nanggulangi rerenggan mligine bab korupsi. Mardika saka ing tumindak Korupsi, mokal apa mokal tenan ya ??...  sumber ilustrasi https://sahabatkeluarga.kemdikbud.go.id sumber ilustrasi https://nasional.kompas.com/read/2019/01/17/06000011/8-poin-pemberantasan-korupsi Aja kendho! ...

MAHARGYÅ KAMARDIKAN

     kaunggah ugå ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2764107343868385&id=1684548218490975   Atusan taun kitå tinindhês sêmplah kang kaantu wus prapti kitå MARDIKÅ ! sèstu muhung sih rahmating Allah lantaran sabåyå-pati kitå sabångså Agung sihing Allah Hyang Måluhur kanthi giyak tumêmên makaryå swawi sabångså tansah caõs sokur mrih raharjå lair lan batin kitå Ayo prå kåncå sayuk-sayuk rukun samyå ambudidåyå raharjå lan mulyaning pråjå yå mulyaning nagårå kitå sabångså. #MARDIKÅ_MARDIKÅ_MARDIKÅÅÅ... bångså INDONESIA !!!!.... JM, #mahargyå_kamardikan, 170820               dening eNPe MERAYAKAN KEMERDEKAAN Ratusan tahun kita dijajah yg kita nantikan telah datang MERDEKA! sungguh hanya kasih & rahmat Allah lantaran perjuangan hidup mati kita sebangsa. Sungguh besar Kasih Allah Yg Maha Luhur dengan penuh semangat kita berkarya bersama satu bangsa selalu menghaturkan syukur hingga terwujudnya kesejahteraan lahir ...

INDONESIA, NAGARI TINRESNAN

   kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2762349050710881&id=1684548218490975 Indonesia nagari tinresnan, tlatah-krajan kang subur gemah-ripah krana kanugrahane Gusti. Pangesthi Kamardikan awujud masarakat adil-makmur kebak karaharjan.  Ayo sinengkuyung samya kanggo mujudake saliring kang kaesthi. Pamarentah dalah kawulaning praja samya gyak gotong royong ambangun nagari kang tinresnan murih rahayu salaminya. Kang jejer pangwuasa sayogya tansaha tumindak jujur ing jejibahan pamarentahan, satuhu lan saturut mring dhawuhe Gusti Allah Kang Maha Kawasa. Singkuren saka ing tumindak kurang tata kang amung mburu kapentingan pribadi dalah golongan.     Ayo kita samya tansah makarti murih masarakat kawulaning nagari tinemu ing karaharjan kang kaesthi.  Gusti tansah anjangkung kita wusana Indonesia lestari tentrem-rahayu salaminya... Amien 🙏      MARDIKA! ✊ MARDIKA! ✊   JM, #hayubagya_kamardikan, 15820  ...

JRONING PRACALITA

       kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2760545334224586&id=1684548218490975 Jroning pracalita lan pracandha iku datanpa pangeyub kang tinemu Jroning swara thathit, Gusti niling tangisku Dhuh Gusti, keparenga lanting kawula saking bebendu   Dugeng sirna pracandha kalis sambekala palimengan sumingkir pepadhang gumantya tansah rinengkuh saha ginegem ing AstaNya Dhuh Gusti, keparenga lanting kawula saking prahara   JM, lingsir wengi, 13820         dening eNPe  jarwane : Di tengah langit gelap maupun badai besar, tiada satu tempat pun bagiku berteduh. Di tengah bunyi guruh, Kau dengar tangisku, Oh, Tuhan, s'lamatkan hidupku. Hingga badai berlalu, suara guruh hilanglah (terhindar dari petaka), awan g'lap di langit melenyap (berganti terang); s'lalu genggam tanganku dan dekaplah daku. Oh, Tuhan, s'lamatkan hidupku  

✊ KAMARDIKAN ✊ NKRI

    kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2758861911059595&id=1684548218490975 Datan ana dalan kang mayar ing ngendi bae kanggo anggayuh KAMARDIKAN. Ing antaraning kita akeh kang bola-bali kudu ngliwati ngare kairing wewayangan kamatian sadurunge tumeka ing pungkasan kang kaesthi. Tak ada jalan mudah untuk mencapai KEMERDEKAAN di mana pun. Banyak dari kita berkali-kali harus melewati lembah dengan bayangan kematian sebelum mencapai puncak cita-cita kita itu -Nelson Mandela-   "Sepisan MARDIKA tetep MARDIKA!", mawa sesantya : "Kita tresna tentrem-rahayu, ananging kita luwih tresna KAMARDIKAN!" Dalam pidatoku, "Sekali Merdeka tetap Merdeka"! Kucetus semboyan: "Kita cinta damai, tetapi kita lebih cinta KEMERDEKAAN". -Soekarno-   Pracaya lan mantepa dene KAMARDIKAN nagara kang madeg saka ing tetumpukan ewonan jiwa-raga lan raja-branane masarakat bangsa ora bisa kesaput dening manungsa sapa bae. Percaya dan yakinlah bahwa k...

MANGAYUBAGYÅ KAMARDIKAN

    kaunggah ugå ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2755950281350758&id=1684548218490975       Indonesia nagri endah pêparing Allah-irå mulå dakdongakake mrih têntrêm-raharjå. Allah yeku kang ngayõmi bångså dalah nêgari ing susah lan bungah mung Pangeran dèn pêpuji. Linubèran kamulyan mung krånå sihing Gusti bêbênêr lan kaadilan tansah kêdah dèn udi. Bångså, nagri Indonesia mugyå tansah lêstari kalis sing salir bêbåyå wit rinêkså ing Gusti. Mangayubagyå dinå Kamardikan sabångså yå bångså Indonesia kalubèran Sih rahmat-Nyå  linuwaran sing wêwêngkõne bångså måncå Mardikå! Mardikå! nagri lan bångså Indonesia.   JM, gagat bangun, 8820        dening eNPe       DIRGAHAYU KEMERDEKAAN Indonesia negri indah anugrah Tuhan mari doakan tuk kententraman dan kesejahteraan  Allah-lah yang melindungi bangsa dan negara dlm susah dan gembira hanya Tuhan yg kita puja.     Kemulyaan melimpah ha...

✊ MARDIKA NKRI ✊

     kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2754087791537007&id=1684548218490975 He pra pandheganing praja, pra pangreh praja ya kawulaning praja, aywa padudon samya catur-cinatur ala, padha elinga dene sira iku nunggal bangsa, padhadene warganing praja ya Nagara Kesatuan Republik Indonesia. Payo bebarengan cancut tali-wanda, sayuk-sayuk rukun samya ambangun nagara, mrih lestarinya urip bebrayaning praja, nagara MARDIKA kerta raharja. Rukun gawe santosa crah mung bubrah wohira, ngestokna sabdeng Gusti tresna sapepadha, nadyan panemu beda nging tan samya sulaya, olah kawicaksanan tan nang-menangan    ✊ MARDIKA! MARDIKA! NKRI ✊ JM, lingsir wengi, 68120         dening eNPe

KECANCANG PENGALAMAN GAGAL

       kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2752376895041430&id=1684548218490975 Ing sapinggire alas ana wong lagi ngulatake sakumpulan gajah dicancang sikile mawa tali cilik. Wong iku gumun ora ana rante lan ora ana kandhang. Ing batin atine, mesthine gajah-gajah iku bisa lan kapan bae mbedhal mlayu, nanging kenapa kok ora dilakoni ya? Wong iku weruh ana sing nglantih gajah ing cedhak kono njur takon : "Kenapa kewan-kewan gedhe iku mung ngadeg ing kono ora gelem upaya mbedhal mlayu?" Wangsulane si plantih : "Gajah-gajah iku nalika isih cilik-cilik wis kulina dicancang nganggo tali sing ukurane padha kuwi, ing umur-umuran samono tali iku wus cukup kuwat kanggo nyancang. Bareng sansaya tuwa umure sansaya gedhe awake wus dikulinake ngandel yen ora bakal bisa mberot ucul.  Gajah-gajah iku pracaya dene tali kasebut isih kuwat nyancang, mulane ora nate gelem nyoba mberot kanggo mbebasake". Mangkono katerangane si plantih gajah. ...

KANUGRAHAN WUS TINAMPA

    kappacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2749972885281831&id=1684548218490975 Nadyan gumrebeg swara pracandha lan ombak palwa oleng gawe getering nala Nora kuwawa panggah tekad kang kebak sakawit rekasa wusana tinemu nugraha Lamun ana ombak anerjang palwa dhayung terus aywa mangu ing driya datan kandheg anggayuh sedya pracayaa kanugrahan kang tinampa   Jroning palimengan tan ana terang cahya rasa duhkita tansah gegilut ing nala Aywa sumlang, dhayung luwih rosa pracayaa kanugrahan kang tinampa Pracandha lan ombak wus kandheg lega ati geter rasaning wus mendha Kekidungan sumilir kebak ing arsa pracihna kanugrahan wus tinampa JM, gagat esuk, 1820         dening eNPe