NGASAH PANGELING-ELING (NEDYA NGLAWAN KELALEN)
kaunggah uga ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2490971494515306&id=1684548218490975 Ing satengahing sore aku lan kadangku loro nggleyeh kuwaregen ing sawijining warung pojok kampung. Piring-piring tilas madhang wus kosong samono uga gelas-gelas lan botol-botol. Salah sijine kadangku nyumet rokok nedya udud njur kita wiwit ngobrol ngalor ngidul. Maune obrolan bab kedadean ing pedinane, bab gawean, kekasih, panjangka ing tembe (cita2 bs.Ind) nganti ngrasani kadang liyane. Obrolan tambah gayeng tumeka bab kang rada abot yaiku kadadean kakisruhan wulan Mei 1998. Rikala kadadean iku kita wong telu umure nembe watara 7 nganti 8 taun. Kancaku ambage sacuil pangelinge. Dheweke nyritaake dene ibune kang nyambut gawene ing tengah kutha dhaerah Sunter Jakarta kepeksa kudu mlaku mulih dununge ing Halim lewat dalan tol ing satengahe kakisruhan ing ngendi-endi. Samono uga aku nyaritaake, nalika iku sing dak eling ing televisi kawartaake kadadean obong-obon...