KANEPSON_ULA -pasemon-
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/oDPgbRs7bqcs9kzJ/?mibextid=oFDknk Ing tengah wengi ana ula mlebu ing sawijining gudhang tukang kayu. Lumrahe si tukang kayu ora tau ngopeni piranti nukange diejarne bae pating besasik. Nalika ula mlebu mrono ora njarak ula mau nggremet sadhuwure graji kang landhep ndadekake wetenge ula tatu. Ula ngira yen graji mau nyerang dheweke njur bales nyakot bola-bali nganti cangkeme suwek metu getihe. Saking jengkele lan semplah gregeten si ula ora gelem kalah njur nggubetake awake nyang graji mau, merga saking kuwat gubetane awake dadi dhedhel dhuwel nganti tumekane pati. *para kadang....* Rikala kita lagi muntap kanepson kita pengin natoni lan gawe wirang marang wong liya. Sawuse iku kita nembe ngerti lan kawiyák pikir kita lamun dene kang ketaton iku kita dhewe. Sakehing tetembungan kang kawetu lan tumindak kita nalika kita nembe kebak kanepson, ya sakehing iku uga kita g...