RANCANGAN GUSTI SARWÅ ENDAH SÈSTU
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/j2phc3WEPThbkLoH/?mibextid=oFDknk Rancangan Gusti jroning uripku datan biså ginayuh dening pikirku. Nadyan adõh såkå sêdyaku rancangane Gusti sarwa endah sèstu. Adhêdhasar Gusti jroning dongå panuwunku tansah elõk ing wanci kang tinamtu. Masiyå suwe ing pangantu-antu rancangane Gusti sarwå endah sèstu. Sanggyå pårå sutrêsnå kinasih, èstu makatên kadyå kang tinampi lan pinanggih salêbêting lêlampahan ing gêsang kitå, sadåyå awit saking tinalêsan Sih katrêsnanipun Gusti. Mendah agung mukjijatipun Gusti, kitå datan sagêd gadug ing panggayuh punåpå ingkang dadõs kêrsanipun Gusti Allah Kang Måhå Waseså lan Måhå Asih. Samukawis kadadõsan ing pigêsangan kitå rintên dalasan dalu, sanès bõtên sanès kajawi hamung saking rancangan ingkang sampun katêtêpakên awit saking karså lan kanugrahaning Gusti kêwålå. "Dhuh Gusti Allah kawulå Kang Måhå Wêlas lan Måhå Asih, kêparêngå kawulå atur konjuk pujå aståwå ing ayunan Padukå.🙏 ...