SIANG, RATRI, MÅNGSÅ, WARSÅ
kapacak uga ing https://fb.watch/hL8-3lqs4B/ Siang, ratri, mångså, warså gilir-gumanti sumingkir; saklébat wêwayangan, tan ånå kang owah-gingsir. Tumapaking urip kitå sairing saubêngé bumi; dumadining tanggung jawab datan biså dèn sélaki. Siang, ratri, mångså, warså, nadyan wus sumingkir; jroning sukå lan duhkitå Sih-rahmaté Gusti tan kêndhat kadyå sumilir. Ing jangkahku anêpaki jaman, Astå-Nyå tansah anganthi; pungkasané aku tansah ånå ing pamêngkuné Gusti. Payo prå kåncå ing tumapaké warså anyar; sarwå sigrå ngudi yå m9êrsudi ing laku anyar. Singkur dalah singkirånå samudåyå laku kang mblasar; klawan panyuwun mugyå bêrkahing Gusti linubèr mring urip sarwa énggar. SUGÊNG_WARSÅ_ÉNGGAL JM, põg-põgan warså, 311222 ✍️ eNPe ✍️ [^__^] [^__^] ...