TULADHA TANDANG-TANDUK

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02XEvboh9cBTFTKE1YfXhvoD7EvzqLvyM5s1JPqX1fv56Gh3ToBrFBFShkCiBz8xXyl&id=100053518547586

Rikala alitan kula, kula nderek bapak ningali sirkus.

Saderengipun mlebet, sampun limrah menawi kedah antre ing loket karcis. Antrean cekap panjang sanget, dene ing ngajeng antrean kula wonten sakulawarga nembe antre, bapak, ibu lan putra-putranipun 4 (sekawan) cacahipun.

Lare sekawan ketingal bingah sanget sumringah. Nitik rasukanipun ketingal menawi saking brayat ingkang samadya kemawon sanes brayat mapan (sugih), rasukanipun limrah kemawon nadyan boten lethek.


Dumugi giliranipun kedah bayar karcis, sang bapak ngrogoh kanthong clana, katingal mbingungi ngaten. Artanipun kados boten cekap kangge bayar 6 lembar karcis. Pramila ketingal sedhih lan memelas, lajeng enggal medal saking antrean.


Bapak kula mirsani kahanan makaten, nuli enggal ngrogoh arta 50 ewu rupiyah lajeng pundhawahaken ing sisihipun si bapak putra sekawan wau.


Bapak kula lajeng nyeblek pundhakipun lan ngendika, "Pak, yatra njenengan dhawah pak!" kalihan nuding mengandhap.

Si bapak punika noleh kalihan maspadakaken bapak kula, sajak piyambakipun nggraita menawi bapak kula nedya biyantu supados piyambakipun saged tumbas 6 karcis kangge sabrayat.


Si bapak punika kembeng-kembeng paningalipun, lambenipun mesem kalihan ngucap matur nuwun wungsal-wangsul, nuli mendhet arta 50 ewu rupiyah wau.

Bapak kula mesem ugi lan manthuk, nuli mundur nyelaki kula.


Kula sawang si bapak punika enggal tumbas karcis kangge brayatipun, sadaya ketingal bingah. Si bapak punika ngambali ngucap matur nuwun dhateng bapak kula lajeng mengker sakulawarga langkung regol mlebet ing pagelaran sirkus.


Bapak lajeng ngajak kula mantuk boten estu ningali sirkus.

Jebulanipun, artanipun bapak namung 50 ewu rupiyah lan sampun punparingaken dhateng kulawarga wau.


Salebeting gesang kula, punika sawijining tuladha laku utama ingkang elok estu! 👍


Kadadosan punika nelakaken langkung elok katandhing pagelaran sirkus punapa kemawon ing salumahing bumi punika.


Eliding carios ingkang saged kapethik :

Wiwit punika ugi kula nggadhahi keyakinan bilih PIWUCAL KANG UTAMA piyambak punika mijil saking conto utawi TULADHA TANDANG-TANDUK, sanes namung tetembungan, ukara-ukara utawi ajakan-ajakan kemawon...

"Sanes sapinten arta ingkang kita sukakaken.., nanging ingkang langkung baken raos asih katresnan ingkang kita andum!"


Sumangga para sutresna PBJ... 👍

mudya sih rahmating Gusti rumentah mring kita sadaya... Amin 🙏


JM, sore kĂȘkĂȘs, 8922

          ✍️  eNPe ✍️

         [^__^]  [^__^]


(Kajarwa lan kapendhet saking unggahan satunggaling kadang ing grup WA) 👇


Waktu masih kecil, aku diajak oleh ayahku untuk nonton pertunjukan sirkus.

Sebelum masuk, kami antre di depan loket untuk membeli karcis. 

Antrean cukup panjang, dan di depan kami ada satu keluarga ikut antri. Bapak, ibu, dan 4 anak. 

Anak-anak itu tampak bahagia, dari pakaian yang mereka kenakan, dapat dipastikan bahwa mereka bukan orang kaya, pakaiannya sangat sederhana, meski tidak dekil.


Tiba giliran mereka harus membayar karcis. Sang bapak merogoh kantong celana, dan tampak kebingungan. Uangnya tidak cukup untuk membayar 6 lembar karcis.

Dia sedih dan murung, kemudian segera minggir dari antrean. 


Ayahku melihatnya, dan langsung merogoh uang 50 ribu rupiah dari sakunya.

Ayahku langsung menjatuhkan uang itu di samping bapak empat anak tersebut.


Ayahku menepuk pundaknya, dan berkata, "Pak, uang Anda jatuh"

Bapak itu menoleh, memandang ayahku, dan dia sadar bahwa ayahku mau membantunya supaya bisa beli 6 karcis.


Matanya sembab, bibirnya tersenyum, dan dia ambil uang 50 ribu rupiah itu sambil berterima kasih.

Ayahku pun tersenyum, lantas mundur menghampiri aku. 


Aku lihat bapak itu segera beli karcis untuk keluarganya, mereka tampak sangat bahagia.


Ayahku lantas mengajak aku pulang, kami tidak jadi nonton pertunjukan sirkus.

Ternyata, uang ayahku hanya 50 ribu rupiah, dan sudah diberikan kepada keluarga tadi.


Dalam hidupku, itu lah pemandangan yang paling menakjubkan.👍

Pemandangan yang jauh lebih indah dibanding pertunjukan apa pun di muka bumi ini.


Sejak saat itu aku meyakini, bahwa pendidikan terbaik adalah tindakan, bukan kata-kata ...

"bagaimana/berapa uang yg kita berikan, tapi lebih dari itu seberapa cinta kasih yg kita berikan".

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN