PANGUDARASA
kaunggah uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid0s5JUnjxm4QrsX768ruBVxvjS5GnCZiV8JLw8r8Vu4LiF6Cq3dxkkRRAyehbD5FhFl/ Kapan bangsaku iki bisa nyawiji gotong royong ambangun praja kang subur? Saiba yen ta para pandhegane nagari, para ahli sing misuwur, para tukang ngomong (pengamat politik sing mlebu tipi-tipi), tukang mada lan tukang nacad mring liyan (ya provokator klebu politikus bosok kamangka datan nate aweh pisungsung mring kamajuane bangsa lan nagari iki) wiwit keduwung lan kawiyak pikire saha kabeh bisa nyingkuri adat kang ala nuli dadi pribadi kang luhur bebudene temahan nyawiji gegandhengan tangan cancut taliwanda gotong royong ambangun praja. Aweh pamikiran-pamikiran kang maedahi samya gotong royong ambangun praja kang gemah ripah loh jinawi tumuju kawulaning nagari adil lan makmur tentrem raharja. Kaya ngapaa bae saiba dhuw...