NITI-PRIKSA & BALI NITI-PRIKSA
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2953517324927385&id=1684548218490975 Asring kita krungu tetembungan ing bs Ind. "check and recheck" tembung kang wus jamak mau ngemu pepeling supaya uwong tansaha niti-priksa lan bali niti-priksa maneh. Bisa uga, bab iku gegandhengan karo upamane nyawisake rancangan acara gladhen sawijining adicara mantu utawa rancangan lelungan lsp lsp. Bisa uga kang luwih waspada gandhenge karo kasunyatan sawijining warta kang kita tampa. Ing jaman kamajuan kadya samengko iki, sawernaning warta pating sliwer rikat sumebar. Lha priye ta jal... amung manganggo siji utawa rong driji bae, sawijining warta bisa kanthi rikat sumebar ing medsos liwat HP datan winates maneh. Kerep banget kabar palsu kang gawe ruweting swasana melu sumebar. Mula saka iku, kita kudu tansah setiti lan niti-priksa maneh sadurunge melu-melu nyebarake sawijining pawarta. Aja nganti kita nemtokake pepancasan mring wong liya adhedhasar kabar kan...