MERBABU ING SANDYAKALA

kaemot uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2590065757939212&id=1684548218490975 Doh-dohan pandulunira lon-alon prepet sang bagaskara katon ampingan arga ya Merbabu ing sandyakala Pra jalma samya sidhem sedhela memuji linuhung asma Pangeran ngungun awit agunging kamulyanta ya sumyaka rerepen kekidungan Eloking wewayangan sang arga mosik jroning driya iba agung riptaning Sang Ma Wisesa berkahing rumuntuh mring pra titah samya JM, sandyakala, 30120 dening eNPe