Postingan

Menampilkan postingan dari Mei, 2019

BERKAH LAN BEBENDU

  kaunggah uga ing :  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2368670006745456/ Mungguh sejatine pemimpin kang kapiji dening Gusti Allah (pemimpin amanah) iku kalenggahane lan panetepane hamung saka berkah lan kersane Gusti piyambak. Mokal yen nganti manungsa ngupadi gawe bubrahe apa kang dadi karsaNe. Wus kaserat ing Ul 28:13, 15-16 : "Kowe bakal didadekake sesirah dening Sang Yehuwah, dudu buntut, lan kowe tansah bakal tetep munggah, ora mudhun, angger kowe ngestokake pepakone Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, lan nglakoni iku kanthi tumemen"; “Balik manawa kowe ora ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan ora nglakoni kalawan tumemen sakehe pepakone lan katetepane kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, kowe bakal katekan lan katempuh ing sakehe laknat kang mangkene" "Kowe bakal kena ing laknat ana ing jero kutha lan bakal kena ing laknat ana ing pategalan". Allah bakal nekakake ...

PEPELING BANGSA

kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2366765766935880/ Geneya para bangsa padha mampang-mampang wringuten, lan para sanak kadang nunggal bangsa padha ngangen-angen kang tanpa guna memungsuhan. Sejatine sira keblinger kena pilut kadurakan sang pambujuk kang duwe sedya mblengkrahake karukunan bangsa. Rahayu wong kang lakune ora manut pangangen-angene wong duraka, lan ora ngambah dalane wong culika sarta ora awor lungguh sapajagongane wong tanpa guna. Amarga wong duraka iku ora tulus eklas ana ing pangarepane pangadilan, tansah ngupadi reka-daya golek benere dhewe gawe pepiridan (tembung pethikan) mbingungake kepara ngeyel.  He para pandheganing praja ya para politikus padha tumindaka kang wicaksana. Para hakim ing bumi, padha ngrungokna marang pepeling saha tulus adhedhasar paugeraning Gusti Kang Murbeng Gesang. Aja nganti nerak dhawuhe Gusti kang wus kaserat ing kitab-kitab sucine para suci supaya ora tiba ing bebendu. Gusti Allah iku Hakim ...

TENTREM ING PADESAN

Gambar
Esuk-esuk para kadang tani gegancangan menyang tegalan lan sawah nyangking pacul nyengkelit arit nindakake darmaning urip. Swara jangkrik, kodhok, wangwung lan ocehan manuk cecruwit kadya alunan musik kang gawe anylesing wardaya. Ing brang wetan suwalike ardi katon sumoroting cahya kuning sang bagaskara isin-isin jemedhul kesaput mega. Kumricik iline banyu ing galengan, manda-manda kluruke jago keprungu saka kadohan. Bebarengan karo kadang sadesa kang Wiryo kairing yu Warti sisihane gleyang-gleyong lambeane tumuju sawah garapan kagungane pak Lurah. Yu Warti nuju gubug pinggir sawah ndelehake bontotan sangu sauba rampene ing lincak. "Kang enteni sedhela kang aku melu!", yu Warti bengok lirih nusul bojone. Sakloron wiwit makarya, kang Wiryo maculi sawah dene yu Warti njabuti suket diklumpukake nuli dibuwang. Sahektar sawahe pak Lurah digarap wong loro sing dadi bageane kang Karyo lan bojone. Dene kadang tani liyane oleh garapan ing pathokan sawahe pak Lurah liyane. M...

ISUK UMUN-UMUN

 kapacak uga ing :  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2364297957182661/ isuk umun-umun miyos jedhing.. lamat-lamat kumricik banyu mili.. kanggo para sutresna sugeng enjing.. mangga samya ngibadah mring Gusti sanak kadang kang tinresnan.. ayo énggal wungu wus raina.. netepi darmaning kuwajiban.. tindak makarya klayan rena sugeng enjing pra kadang sutresna.. mangga sami gyak ing pakarti.. sugeng ngayahi darmaning kulawarga.. rumeksa samya anetepi janji JM, ndungkap enjing, 20519           nuwun eNPe

GAMBAR KANG JERO MAKNANE

Gambar
 kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2363386067273850&id=1684548218490975 Gambar ing dhuwur iki mratelakake dene : * Sing lanang ora ngerti marga ora weruh yen ing ngisore ana ula mbebayani ngancam wong wadon iku. * Sing wadon uga ora ngerti marga ora weruh yen wong lanang iku sejatine ana ing bebaya ketindhihan watu gedhe. * Sing wadon jroning ati mikir, "Kenapa ya wong lanang iku ora gelem sethithik maneh nulungi aku, aku arep tiba iki... ora bisa mancal watu pereng iku marga ing kono ana ula sing arep nyakot aku." * Dene sing lanang jroning ati uga mikir, "Aku lagi kelaran kejepit watu, kok wong wadon iku ora gelem menek midak watu ing nduwure supaya luwih gampang anggonku mitulungi." Eliding crita ing nduwur iku ngandhut teges kang jero tumrap kita kabeh, sejatine kita ora bisa nyawang bot-repote wong liya sing lagi disandhang, samono uga wong liya ora bisa ngrasakake apa kang dadi karuwetaning urip kita. Kenapa bisa k...

PASRAH MRING GUSTI

kapacak uga ing :  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2362663537346103/ Sakehing was sumelangmu pasrahna mring Gusti.. Wit saliring mitramu tan bisa mrantasi.. Jer sagunging manungsa nyanggi sumelange.. kang pinasrahan tan ana tansah kuwur atine.. di enggal pasrahna ing astane Gusti.. sagung kuwatirira wus mesthi den tulungi. Punggelan rerepen kidung ing nduwur ngemu pameling dene kita kaprayogakake tansah sumendhe lan sumlondhoh mring Gusti Kang Ma Kwasa, aja padha uwas sumelang bab sangganing urip. Wosing pitutur sumeleha atinira nyenyuwun mring Gusti kanthi temen mugia kasinungan Sih Kawelasanning Gusti kaentasna saka ing momotan. Mugi rahayu kang sarwa pinanggih! JM, lingsir wengi, 18519         dening eNPe

AJA SUMELANG

 kapacak uga ing :  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2358918321053958/ Ana pitutur mangkene,    Mulané élinga! Aja padha nyumelangaké bab panguripanmu, yakuwi bab apa sing bakal kokpangan utawa kokombé, utawa apa sing bakal kokanggo. Apa urip kuwi ora luwih aji tinimbang karo pangan, lan badan apa ora luwih aji tinimbang karo sandhangan?    Coba delengen, manuk-manuk sing padha mabur mrana-mréné, kaé rak ora nyebar wiji, ora ngundhuh, lan uga ora nyimpen panènané ana ing lumbung. Éwasemono Gusti Allah ing swarga ngopèni manuk-manuk mau! Apa kowé ora luwih aji tinimbang karo manuk-manuk iku? Aja sumelang bab uripmu, aja uwas ing kalbu Yèn pepeteng nglimputi ati, ngayoma mring Gusti. Murih bisoa uwal saka ing palimengan. Allah Kang Ma Kwasa, ngreksa sira salaminya Pasrah sumaraha, mrih tentrem raharja Lamun tininggal sanak - kadang, aja semplah ing driya. JM, lingsir kulon, 13519      rinonce @eNPe

NEDYA REBUT PANGUWASA

  kapacak uga ing : https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2357628017849655/ Bilai wong kang padha ngrancang-ngrancang duraka, lan kang ngrantam-rantam piala ana ing pikiranne; sarta tumindak kang nora elok nerak tata sopan bebrayan kaprajan ya kanegaran. Amarga prakara iku jalarane duwe rasa melik dadi jejere panguwasa, iya tumuli ngupaya ngrebut klawan nyebar pitenah gawe wirange panguwasa kang isih katetepake kalenggahane, ngrancang roda-peksa mawa cara nedya  bebujuk saperangan wong agawe rusuh. Eling lamun Gusti Allah nora sare sarta nora bakal negakake bangsa kagungane diobrak-abrik karukunane dening wong-wong kaya mangkono. Dene wus kaserat ing Kitab Suci, Mikha 2:3,  "Mulane Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Lah Ingsun ngrancang bakal nekakake bilai marang wong-wong iki, lan sira padha ora bakal bisa nguwalake gulunira saka iku, sira padha ora bisa lumaku kalawan angkuh maneh, marga wektu iku wektu kang nyilakani." Para kadang sutresna sumangg...

TINUNTUN DENING GUSTI TANSAH ANA DALAN KANG SARWA BECIK

 kapacak uga ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2357120034567120&id=1684548218490975 Nalika kita rumangsa siningkir saka ngarsane Gusti njur mosik jeroning ati, "Apa iya aku isih bisa nyawang lan cedhak karo Gusti ing dhamparing kang suci?" Nalika kita pinuju ana ing dhasaring palimengan, pacoban lan kebak momotan kang abot, asring kita pitakon lan matur konjuk mring Gusti, "Kenging punapa Gusti sadaya punika saged kadadosan? Kados pundi dene Paduka negakaken kawula?" Sumurupana, he para abdine Gusti.., kadhang kala Gusti kaya-kaya ngejarake kita lumebu ing jeroning kahanan kang kaya wus nora ana pengarepan maneh, nanging pracayoa dene Gusti kagungan pangrancang kang luwih becik tumrap urip kita murih sepira gedhening iman kapracayan kita bisa saya luwih anteb lan manteb. Ya ing kahanan kaya mangkono luwih prayoga sumangga padha muji sokur lan dedonga, "Gusti mugi mirsani nggen kula kesrakatan kula mlajeng mring pundi namung dhate...

KLERU KERTU dadi WURUNG......

kaunggah ing fb  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2355478748064582/ Si Udin lan si Dul menyang Pasar Anyar saprelu tuku sepatu futsal. Sawuse muter-muter wusanane sakloron mandheg ing sawijine toko kang adol sepatu futsal sing kabeneran ana sepatu sing dikarepake lan wis sarujuk uga karo sing jaga toko bab regane, rong pasang diregani Rp500 ewu, ananging bareng si Udin buka dhompet mung ana Rp200 ewu. Si Udin njur njaluk tulung si Dul menyang ATM klawan menehake dhompete. Si Udin : "Dul!" si Dul : " Iya Din, dadi kepriye iki sidane?" si Udin : "Kowe menyanga ATM lan njupuka dhuwit Rp300 ewu bae nganggo kertu atm ku, ngerti ta kowe carane njupuk dhuwit ing atm?" si Dul : "Ya bisa lah, kok kira aku kih bodho-bodho banget pa, trima mung njupuk dhuwit nang atm  bae ora jegos! Aja sok nyepelekake ngono iku ta , huh!" si Udin : " Ya wis pangapurane, iki gawanen dhompetku, mengko jupuken dhuwite nganggo kertu atm-ku, njur ye...