ALÕN SANG SURYÅ GUMIWANG
kapacak ing https://www.facebook.com/share/p/1BHfw7h3uJ/ Alõn sang suryå gumiwang, sêmburat ayu mêmayu kitå antuk pangasoan kanthi têntrêm rahayu. Sang ratri nglimputi bumi abyõr cahyèng kartikå nêlahi nyunarkên asmå Allah Gusti kitå. Kasugêngan duk ing ratri ngambarakên rum-wangi rèrèh sing bõt kasanggi ayõm ing sihing Gusti. Tilingnå swårå manis ing gênthå pandongå sokur pådhå aturnå. He, gênthå, ngumandhangå dadyå sanguning nendrå. JM, anganggit råså, 20925 ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️ [^__^] [^__^]