Postingan

Menampilkan postingan dari November, 2025

PRIYÅNGGÅ KADYÅ PUSPÅ MÊKRÕK

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1ZQqyWGBk5/ Priyånggå kadyå puspå mêkrõk endah datan jêjuluk, tinêmpuh samubarang  datan payung pangeyub sawanci prahårå anrajang. Kadyå Sang Nåtå kablébêt jubah bludru ora saendah agêmannyå puspå rinênggå grapyak twin sabar kadyå puspå kang mêrak-ati. Nadyan kasampyuk lan katrajang båjrå datan gorèh, datan mingsêr sathithikå gagah ngadêg katon pidêkså èsêmirå. Sabar... sabar...,  angadhêpi pasêmõn lamis kang sinêbar dening duratmåkå pracåyå! kabênêran bakal tumêkå angampiri badanirå! tumancêp gunungan mungkasi sababak sandhiwårå. JM, lingsir wêngi, 081125             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^] 

KADURAKAN LUWIH GAMPANG lan AKEH KATEMOKAKE

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/17YyS4FKkT/   "Kita urip ing jaman dene kadurakan iku luwih gampang katemokake tinimbang têlepun gêgêm lan sambungan internet!"   Pasemon iku nelakake dene iba gampange tumindak ora pinuji, pendhak dina sangsaya akeh lan dumunung ing panggonanan ngendi bae. Ing tengahe masarakat ana bae wong kang gawe ulah werna-werna kayata nyenyolong, korupsi, nyopet, mbegal, apus-apus, mblithuki, kerengan kroyokan (tawuran), panyiksan... lsp. malah ana sing kami-tegan nganti tumekaning pati sasama warga masarakat.   Kadadean-kadadean kadya mangkono iku kenapa bisa dumadi? ora liya merga masarakat sing wus kelangan akal bebudene utawa budi pakertine, urip adoh saka mbangun turut marang dhawuhe Allah, ora wedi asih marang Panjenengane tuwin uripe tansah mblasar saka pepakone Gusti.   Sing rumangsa pinter dadi kuminter nganggep wong liya iku ora ana ajine. Mulane yen akeh reribed, bebaya (bencana) ing ngendi-endi, i...

KAPANDHEGAN PASARUJUKAN

  kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/15KfeacwUr/ Kabutuhan saben priyangga lan utawa golongan iku beda-beda. Kanggo pikoleh katetepan kang adil, kapandhegan adhedhasar  pasarujukan mujudake panetepan kang banget dibutuhake.  Pancen kabutuhan saben pribadi ora mayar utawa mokal bisa diwujudi kanthi sampurna, nanging paling ora klawan kapandhegan ing pasarujukan mau bisa nyuda pepinginan kang amung nengenake kabutuhan mentingake awake dhewe kang bisa ngapitunani wong liya. Iya klawan kapandhegan ing pasarujukan kang disedya bisa agawe padhadene mareme bebarengan saeka praya saeka prapti mbangun rumaketing gotong royong, samya among rasa among driya. Kahanan kadya mangkono iku mujudake cikal bakal dhemokrasi kang urip ing tengahing masarakat kita. Para punggawaning praja kang kapatah makili masarakat golongane samya nyengkuyung lan nyarujuki rancangan pagawean (program kerja) kang wus katetepake dening punggawa/pandhega tataran pangwasa ndhuwur kang wus k...