Postingan

Menampilkan postingan dari Maret, 2025

OH TUKING RAHMAT

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/18wEoAqLzz/ Oo tuking Rahmat, kaesõknå tirtå usådåå arcåpådå kang ngõrõng gêsêng. Oo tuking Rahmat, kaêsõknå tirtå kasaputå rah kang ngêmbêng. Kinõbõng gêsêng, palêmahan bêrå winih datan thukul, garing anglõng jiwå. Oo tuking Rahmat, kaêsõknå tirtå arcåpådå karêkså twin kalêstarènånå. Kasuburnå têntrêm twin kamardikan tumancêp ngõyõt, subur mêgar kasukan. Oo tuking Rahmat, kaêsõknå tirtå tuwuhnå donyå sehat sanyåtå. sl-3, sandyakala 28325             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^] [^__^] 

AKU ISIH URIP -guyon parikena-

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/14DcykJ9y2L/ Ing sawijining wawan wicara sing ditekani dening para bintang panggung (selebriti), ana Bapak sepuh munggah panggung nganggo teken lan lenggah ing kursi. Pranatacara pitakon, " Apa Bapak isih sering menyang dhokter? " Bapak sepuh mangsuli, " Iya.., aku kerep menyang dhokter! " " Kena apa? ", takone pranatacara. Wangsulane bapak sepuh iku, " Pasien kudu kerep menyang dhokter! Ya jalaran mengkono  iku, dhokter prelu bisa tetep urip !" Sanalika pamiyarsa/penonton padha keplok keprungu wangsulane bapak sepuh iku. 👏 Pranatacara, " Apa Bapak uga menyang Apoteker.? " Wangsulane bapak sepuh, " Temtu bae! Merga apoteker uga kudu bisa urip! " Kaya dikomandho pamiyarsa tambah rame keploke. 🤗🤗 Sabanjure pranatacara takon, " Dadi, apa Bapak bener-bener ngunjuk obat sing dipasrahake dening apoteker?" "Ora..! aku sering buwang marga aku uga kudu urip..! ...

WEWATON/PATOKAN TUMRAPING URIP KITA BISA LUWIH BECIK

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1BZGpe63PH/  ( Kirimané kadang sutresna ing grup WA ) Kapethik lan kapirid surasane saka buku riptaning Ausberg 49 taun kanthi irah-irahan : *"THE LAST LECTURE"* *(Piwulang Pungkasan)*  kang dadi salah sijining buku sing laris dhewe (best-seller) ing taun 2007 riningkes awujud :   *--Personality,*  *--Community* lan *--Life.*   Jarwane mangkene :    A. PERSONALITY *1*. Aja sok nandhing2ake uripmu klayan wong liya jalaran sliramu ora tau mangertèni apa kang wus dilakoni dening wong mau. *2.* Aja mikir sarwa ala mring apa kang ora bisa kita kendhalèni, ananging coba pigunakna kakuwatanmu mring apa sing lagi kok tindakake kanthi pamikiran kang becik. *3.* Aja olèhe banget-banget nandangi gawean tegese aja nganti ngliwati watesing kekuwatanmu. *4*. Aja meksa awakmu dhewe supaya tansah sarwa bener, ora ana manungsa siji-sijia kang sampurna. *5.* Aja buwang-buwang wektumu amung ...

SESARENGAN NENGA/NYAWANG ANGSLUPING RADITYA

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1AXEVCLCFW/ Ing kitha alit kang tentrem, wonten satunggaling kulawarga asri bapa, biyung lan putranipun jaler kalih, Andika lan Bayu. Danu, sang bapa mempeng nyambut damel ing pabrik tekstil sampun mataun-taun.  Datan kininten, rikala pabrik kang dados anggenipun nyambut damel pendhak warsa mbleret usahanipun ngantos dumugenipun kedah puntutup amargi bangkrut, ndadosaken para karyawan kecalan padamelanpun klebet Danu. ( nanging sanes PT Sritex ingkang nembe kadadosan ing pungkasan punika 🫲) Dinten-dinten salajengipun ndadosaken kaluwarga Danu gesang rekaos. Datan ajeg pengasilanipun kulawarga punika sangsaya awrat saha rekaos kangge nutupi kabetahan saben dintenipun. Anak-anakipun, Andika lan Bayu kapeksa mendel sekolahipun sami ngrencangi pados rejeki. Sawetawis Danu lan semahipun, Endah, ngupados padamelan enggal sinambi srabutan pendhak dintenipun. Senadyan kawontenanipun surem, kulawarga punika tetep njagi se...

PRAHARANING URIP

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1AWWec2AR3/ Sawijining wektu ana bapak lan putrane lagi nyopiri montor. Sawuse watara puluhan kilometer, ujug-ujug mendhung lan peteng dibarengi angin kenceng. Langit dumadakan dadi peteng dhedhet. Tetumpakan liyane padha minggir lan mandheg.  “Bapak, KADOSPUNDI punika? Punapa kita mandheg rumiyin?,” mature si putra. “Terusa bae.. !”, ngendikane bapake. Putrane ya PANGGAH bae nglakokake montore. Langit sangsaya peteng, angine kenceng njur wiwit udan. Ana saperangan uwit padha sempal lan ambruk, malah ana uga sing kabur katrajang angin. Kaanane nggegirisi banget. Katon montor-montor gedhe uga wiwit minggir lan mandheg. “Dospundi punika pak…?” “TERUSA bae olèhmu nyopir!” ngendikane bapake karo terus mirsani mangarep. Kanthi rekasa putrane ya PANGGAH nyopir. Udan deres ngalangi pandeleng, kira-kira bisa nyawang amung pirang meter bae. Si anak wiwit kuwatir. Ananging… dheweke panggah bae nyopir, senadyan alon-alon. Sa...

AJA MANDHÊG DADI WÕNG BÊCIK

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/14ty1knPyf/ Lamun biså, sayogyå åjå mandhêg dadi wõng bêcik.  Lamun dhèwèke ora nate ngaruh-aruhi, aruhånå minångkå silaturahmi. Gusti Allah Måhå Wikan. Lamun sapa-aruhmu kasêpèlèkake, åjå kandhêg . Gusti iku Måhå Wicaksånå. Mugyå sadåyå tansah pinaringan bagas saras såhå karumêntahan berkah Sugêng enjing, sugêng makaryå padõs upå. Wanci bêdhug saur, 16325            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️            [^__^]  [^__^]  sorogan : Kajarwa saka seratan bs Ind. kaidèn dening kadang pangrakit : Kalau bisa, jangan berhenti jadi org baik. Kalau dia tak pernah lagi menyapa, sapalah sebagai silaturahmi.  Allah Maha Mengetahui.  Dan jika sapamu tak dihargai, janganlah berhenti.   Allah Maha Bijaksana.  Mugi sedaya tansah pinaringan bagas saras saha berkah ingkang kathah. Sugeng enjing, sugeng makarya pados upa. ❤ ref. ( atas seijin penulis dg se...

PANYENGKUYUNG SESARENGAN

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1BAWRTfcK2/ Nalika tiyang pikantuk kapracayan utawi pinitados ing satunggaling pedamelan, ateges kathah tanggel jawabipun nunten wonten kemawon sarwa godhan/alangan anggenipun ngrampungaken kanthi pikantuk asil kang sae. Asringipun, rampung nanging boten sae, utawi sae nanging mleset wekdalipun. Sadaya padamelan punapa kemawon saged kawastanan boten gampil sanes jalaran bahan, ukuran, wujud lan panggenanipun ananging amargi saking niat sesarengan panyengkuyungipun ingkang boten wonten. Panyelewengan saking para petugas kang ngayahi pedamelan asring dados sesrimpet utawi minangka watu krikil nyandhung lan mlesetaken. Nggarap proyek rancang bangun, kalangkung rumiyin kedah wonten peprincening rancangan kang satiti, njlimet lan estu-estu mateng ngangkah proyek kasebat saged kelampahan kanthi sae. Tujuanipun peprincen rancangan pundamel salah satunggalipun kangge ngendhani sesrimpet wau. Salajengipun pangawasan kedah tansa...

WANI 'PIRO' MAS??? -Ayo Bayar!-

      kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/share/p/14pzjo1cN2/ Parkir pinggir dalan, bayar preman senggõlan mõntõr, bayar preman pengin nunggang bis, bayar preman Adhuh, adhuh, ku gak gablêg angpao piye biså bayar preman? Pengin buka lapak, bayar preman nglapur barang ilang, bayar preman prêkaran pangadilan, bayar preman mlêbu kunjårå, bayar preman Adhuh, adhuh, ku gak gablêg angpao piye biså bayar preman? Buwang sampah, bayar preman arêp luru upå, bayar preman arêp magêr laut, bayar preman antre elpiji, bayar preman Adhuh, adhuh, ku gak gablêg angpao piye biså bayar preman? (waow åpå-åpå kudu bayar bayarr...bayaarr... WANI 'PIRO' jall!!!?) 🤪😜    -jerite wong cilik- Sepi manglong, 12mar25             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^] [^__^] 

PRACAYA lan PASRAHA

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1GGVBHBUNd/     Pracåyå lan pasrahå mring Allah Må' Kwåså, Gunging prihatinirå ginantõsan bêgjå, yêkti pilihing margi Pangèran mbêrkahi, lan sirå kaeraman wit gunging kadarman.     Lamun sirå ngrêsulå yêkti tanpå gunå, ati kabidhung susah pêpêtêng sumrambah, ngetungå gunging bêrkah sartå mukjijadnyå, dalah prakårå lumrah dadyå marginirå.    Såpå biså njajagi mring karsaning Gusti, sirå tan darbe kwåså nåtå umurirå, mung tansah mbudidåyå sinartan ndêdongå, sumendhe mring Pangèran wah ngambah pêpadhang.     Lamun nyånggå mõmõtan ingancam bêbåyå, ngungsiå mring Pangèran ywå sêmplah ing driyå, sirå rinêkså Gusti mrih datan bilai, tan sande linuwaran wah sinung kraharjan.       Yèn praharaning gêsang silih nêmpuh tansah, klayan takad linawan wah nêngå mring Allah, Gusti nunggil tan kêndhat lan ngganjar sih rahmat, têmah mantêb pracåyå ing slami-laminyå. (kapethik KPKA 7...

PANGRANCANGE GUSTI TANSAH ANA ING DALAN KANG SARWA BECIK

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1HCkwZvpWP/ Nalika kita rumangsa siningkir saka ngarsane Gusti njur mosik jeroning ati, " Apa iya aku isih bisa nyawang lan cedhak karo Gusti ing dhamparing kang suci? " Nalika kita pinuju ana ing dhasaring palimengan, pacoban lan kebak momotan kang abot, asring kita pitakon lan matur konjuk mring Gusti, " Kenging punapa Gusti sadaya punika saged kadadosan? Kados pundi dene Paduka negakaken kawula ?" Sumurupana, he para abdine Gusti.., kadhang kala Gusti kaya-kaya ngejarake kita lumebu ing jeroning kahanan kang kaya wus nora ana pengarepan maneh, nanging pracayoa dene Gusti kagungan pangrancang kang luwih becik tumrap urip kita murih sepira gedhening iman kapracayan kita bisa saya luwih antep lan mantep. Ya ing kahanan kaya mangkono luwih prayoga sumangga padha muji sokur lan dedonga, " Gusti mugi mirsani anggèn kawulå kêsrakatan kawulå mlajêng mring pundi kêjawi namung dhatêng Padukå nyuwun tulung dhuh Alla...

PASAR TEPIS WIRING

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/19xGj1u7NF/ Menyang pasar mlaku nggendhong tenggok isi tempe iku wus dadi pakaryane yu Nur saben dinane. Pasar sing dununge ing tepis wiring (watesing pinggir) kidul desane ora tau sepi dening bakul-bakul liyane saka dhusun-dhusun sakiwa tengene.  " Yu Nur, piye..? tinemu slamet ta awakmu dina iki? ", sapa-aruhe mbok Jinten bakul sayuran. " O, iya mbok.., matur nuwun, lha balik sampeyan semono uga ya! ", wangsulane yu Nur. Wong loro padha umyek nata dodolane, mengkono uga bakul-bakul liyane.  Kairing lumakune wektu, kumruyuk ibu-ibu padha blanja rame banget tetuku kapreluan kanggo kabutuhan kluwargane. " Mbok.., bayem saunting pinten? ", takone si ibu sing nyangking tas blanjan. " Mirah mawon bu, kalih welas.., niki teksih seger-seger lhe, methik kiyambak ing kebon ." mbok Jinten mangsuli karo njupukke bayem. si ibu, " Nganyang entuk nggih, rong unting rong puluh ewu ." " Mang i...

CRITA NRENYUHAKE

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/12HVjucdj1y/ Ing sawijine sekolah SMP Putri ana salah sijine murid putri (siswi) sing pinter, lantip lan solahe santun banget jenenge Lastri. Emane dheweke anteng lan senengane lungguh mojok kurang srawung karo kanca-kancane sakelas sajake rada duwe rasa kurang pitaya marang awake dhewe, katon patrape sarwa clingus / isinan. Sekolah ngumumake yen dina iki arep dianakake pamriksan barang-barang gawane para siswi. Miturut keterangan salah sijine guru, pamriksan (razia) iku kanthi pangajap nanggulangi para murid nggawa barang-barang sing dipenging (dilarang) klebu narkoba. Wancine petugas pamriksan ing kelas si Lastri siswi sing pinter lan clingus mau, kabeh siji-siji siswi dipriksa.  Kocapa, tiba gilirane si Lastri kasebut nedya arep dipriksa, dheweke nyekethem tas-e sajak kaweden karo prembik-prembik njur nangis karo bengok-bengok : " Emoh! Aja! Aja!..hu huu... Aja! emoh! " karo mundur-mundur nganti mepet tembok ke...