Postingan

Menampilkan postingan dari November, 2024

๐Ÿ“ ADU JAGO ๐Ÿ“

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/17sgGG8pxr/?mibextid=oFDknk Adu jago wis purnรฅ รฅnรฅ kang wijรฅyรฅ twin kasรตr nlรฅngsรฅ. Sing mรชnang kluruk monggat-manggut sing keyรตk pรชtรตkk.. petรตk..petรตk.. mรจsรชm kรชcut. Saantero tanah padesan rame-rame padha gรชgojรจgan. Ngรชlus-รชlus jago sing dadi andhรชlan รฅjรฅ lรชpyรฅ maring janji sampeyan. Ora kurang ugรฅ รฅnรฅ sing tรชtangisan nggรชlani mring kรชkalahan. Mantri kรชsehatan kรชbanjiran njampรจni sรชsambate pรฅrรฅ kurban. JM, lingsir wรชngi, 301124            ✍️ ๐–Š๐•น๐•ป๐–Š ✍️            [^__^]  [^__^] # pilkada   ๐‘ท๐’Š๐’๐’Œ๐’‚๐’…๐’‚ ๐’‚๐’‹๐’‚๐’๐’ˆ๐’† ๐’‚๐’…๐’– ๐’‹๐’‚๐’ˆ๐’ ๐’”๐’‚๐’Œ๐’‚ ๐’Œ๐’–๐’Ž๐’‘๐’–๐’๐’‚๐’๐’† ๐’Œ๐’๐’‚๐’๐’Š๐’”๐’Š ๐’‘๐’‚๐’“๐’•๐’†2 ๐’๐’ˆ๐’‚๐’‹๐’๐’Œ๐’‚๐’Œ๐’† ๐’‹๐’‚๐’ˆ๐’๐’๐’† ๐’…๐’‰๐’†๐’˜๐’†2, ๐’”๐’Š๐’๐’ˆ ๐’Œ๐’†๐’š๐’๐’Œ ๐’ƒ๐’†๐’๐’ˆ๐’๐’Œ2 ๐’”๐’•๐’“๐’†๐’”! ๐Ÿซฃ

KASETYAN MRING PAMARENTAH KANG PINRACAYA

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/15cS6iPBG5/?mibextid=oFDknk Minangka warga masarakat, kita diwulang tansaha nresnani mring sapepadha kanthi tulusing ati. Pitakone, apa setya lan tresna tetep bisa diecakake marang pamarentah sing tumindak ora adil kang maune pinracaya? Pitakonan baku kepara dhasar iku banget ngosikake rasa kaadilaning masarakat wong cilik sing ora bisa denselaki. Masarakat rame-rame jumangkah bebarengan menyang senthong pamilihan nggawa saabreg pengarepan supaya oleh pemimpin kang amanah. Ananging, sairing lumakuning wektu kaprungu yen ana bae saperangan pemimpin kang nerak paugeran negari kecandhak ngunthetake branane negari alias tumindak "korupsi'. Kadadean iku ora amung ing pamarentahan ndhuwuran ning uga dumadi ana ing pamarentahan dhaerah. Miturut piwulangan kang kita tampa ing bangku pawiyatan, pamarentahan ing tataran pusat tekan dhaerah diwujudake kanggo angatur tatanan panguripan saben warga nagara murih masarakat adil makmur...

MAKNA KALANTIPAN PIKIR

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/1EgtExnd1c/?mibextid=oFDknk Carios pak guru nembe mucal ing kelas. Ing papan tulis, pak guru nembe nggambar wit krambil/klapa ing pinggir gisik segara, lajeng wonten klapanipun dhawah/ceblok saking gagangipun. Ing wucalanipun, pak guru carios wonten 4 lare nggatosaken kadadosan ceblokipun klapa wau. Nuwun sewu, ing ngriki salajengipun kaserat mawi basa ngoko, Anak kapisan , klawan cukat dheweke njupuk salembar kertas linempit lingir 3, nemtokake pojokane (sudut..bs Ind) ngetung sepira abote krambil/klapa mawa etungan matematika, bocah iki nerangake dhuwure wit klapa lan sepira kekuwatan klapa sing tiba, komplit nganggo petungan matematika lan ngelmu phisika. Nuli pak guru ndangu mring para muride, "Apa anak iki bocah sing lantip pikire?" bebarengan para murid mangsuli, "Inggih..., piyambake klรชbรชt lare kang lantip." Banjur pak guru mbacutake crita, Anak kapindho , klawan rikat bocah iki nedya njupuk klapa sing ce...

KAADILAN lan DRAMA PANGADILAN

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/15na3P8aN1/?mibextid=oFDknk  " Nindakake kaadilan iku dadi kesenengane wong bener, nanging diwedeni wong kang tumindak ala." Wul 21:15 Ukara bebasan punika mratelakaken bilih ing babagan ukum lan kaadilan boten saged punselaki bilih kasunyatanipun dados ganjelan panegakan ukum. Hakim lan para punggawa ukum kang nembe prakawisan ing pangadilan tansah dipun-glibedi, punayang-ayangi dening pehak kang nggadahi panguwaos/kalenggahan inggil kang nglampahi kalepatan ing prakawis ingkang nembe lumampah. Pramila asring kita kasegahan drama pangadilan ingkang ngegla cetha wela-wela pepancasan ingkang boten adil. Pancen tumindak kanthi bukti-bukti ingkang estu nyata-nyata jujur, punika andadosaken prakawis ingkang punremeni lan damel bingahing tetiyang ing margi kang leres. Nanging dipun ajrihi lan damel getering gegolonganing tiyang ingkang kajiret lepat ing prakawis ukum . Pramila gegolongan tiyang punika kalawan rekadaya ...

UMAT PINILIH

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/17GyZC66Z1/?mibextid=oFDknk Manungsa bisa kukuh santosa ing satengahing kahanan kang banget rekasa awit dheweke duwe keyakinan dene bakal oleh paedah, asil lan sapanunggalane kang luwih gedhe ing wektu mengkone. Sawijine pagawe sengkut nyambut gawe kanthi semangat klawan njaga rasa pangrasane supaya oleh undhakan pangkat lan kalenggahan. Sawijine pangumbara ngupaya lan lila ngirit sarta mangan saanane nedya bisa tuku omah kanggo kulawargane. Iya kaya mangkono uwong kang pinilih ing sawijine konkiren (persaingan) dudu amarga kasantosan lan kadigdayane dhewe, ananging jalaran saka kamurahaning Gusti. Sarosa-rosane kita angupaya ngoyak, kita ora bakal anggayuh asil, nanging amarga kita pinilih lan piniji awit pilihan lan kamurahane Gusti, tanpa kita ngoyak kita uga bakal nyandhak asil ing tangan. Minangka wong pracaya kang dadi umat pilihan, kita ora usah mikiri si A utawa si B uga dipilih. Sing baku kita ora prayoga meri...

INDONESIA NAGRI ADI

Gambar
  kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/14CTQNR8kE/?mibextid=oFDknk    Indonesia nagri adi, sรจstu kulรฅ belani    sing panjajahaning wรฅngsรฅ mรฅncรฅ nagri.    Indonesia nagri adi, rinonce ing mutiyรฅrรฅ NKRI    nadyan sahastรฅ sanyari tanah wutah-rah tansah dak jagi.    Indonesia nagri adi, sรจstu kulรฅ trรชsnani    tanah wutah-rah tanah pusรฅkรฅ, nugrahaning nJรชng Gusti.    Indonesia nagri adi, gรชmah ripah lรตh jinawi    kewan, tรชtanรชman, ulam langรจn lรชlumban warni-warni.    Indonesia nagri adi, ewรตne pulo nyawiji    beda suku wah agรฅmรฅ, ras lan gรตlรตngan puniki. JM, lingsir dalu, 101124            ✍️ ๐–Š๐•น๐•ป๐–Š ✍️            [^__^]  [^__^]

KAJUJURAN WUS ORA DUWE PAPAN ING PANGADILAN

    kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/share/p/14TJTqn2js/?mibextid=oFDknk Lamun kita migatekake ing proses pangadilan kajujuran dadi sawijine bab kang dibutuhake. Asring banget ing sawetara prakaran ing pengadilan para pehak apa iku kang kadakwa apa iku seksi, mitontonake solah kang ora jujur. Racake padhadene ora blaka apa anane. Dene anane mung mbela kapentingane dhewe kanthi nutup-nutupi. Apa meneh conto kadadean wekasan iki tindak ora jujur kedadean tumrap ing pehak-pehak sing duwe kapentingan yaiku si kadakwa, seksi, pengacara lan hakim. Kenapa bisa kedadean sing mrihatinake kaya mangkono? Ora ana liya mung merga mripate padha kapilut dening lembaran-lembaran sing bisa gawe mabuk nikmat kadonyan. Lali yen iku nglanggar pranatan ukum, kabeh diterak tanpa nggubris akibate.... huh dhasare sipat malak, srakah bin nggragas. Kajujuran wus ora duwe papan ing pangadilan! Emut! iki ana wulang bebasan para winasis riningkes mangkene :   Wong kang jujur uripe ayem...

KEKAREMAN NUNGGANG PIT ING YUSWA SEPUH

     kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/share/p/192gtFqr4x/?mibextid=oFDknk Tembung 'touring' ditegesi ngonthel pit (sepedha) klawan iring-iringan ๐Ÿšด๐Ÿšด‍️๐Ÿšด nempuh jarak puluhan kilometer utawa ngener njaban kutha. Kanggone sing durung tau touring nunggang pit mesthi gumun lan bingung nyawang ana wong-wong sing padha touring mau. Saperangan nganggep yen tindakan mau mbebayani kebak resiko. Kamangka yen dilakoni kanthi petungan mateng, touring nyepedha malah duweni paedah kang becik tumrap si pesepedha. Ananging pancen ora diprayogakake kanggo sing duwe rasa kuwatiran, hamung diprayogakake sing duwe rasa kendel klebu bandhel lan mesthine duweni kekareman (hobi) yaiku nyenengi olahraga ngipit sing duwe sipat adrenalin luwih, sarta bisa ngresepi nikmate touring. Sejatine akeh paedahe ngepit touring tumrap pesepedha ngancik yuswa sing wus ora enom maneh, yaiku : ๐Ÿšด‍ Nunggang pit iku luwih nglelantih daya pikir (uteg) lan kaprigelan motorik tinimbang nyetir montor....

PAMBESMIAN JUDI ONLINE (Judol) lan PINJAMAN ONLINE (Pinjol)

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/1DVXAvXCxq/?mibextid=oFDknk Ing jaman modern samangke puniki, kita nyumurupi dene kamajengan teknologi rikat sanget damel ewah-ewahan kang becik (positip), nanging boten saged punselaki mijilipun tantangan enggal kang saya ruwet sinebut ' penyakit masarakat'. Kekalih kadadosan ingkang andadosaken bab-bab sosial ing saindenging jagad klebet Indonesia inggih punika judi online (judol) lan pinjaman online (pinjol) . Praktik judol lan pinjol boten namung mletikipun bab keuangan nanging ugi adamel maneka warni bab-bab sosial. Miturut pawarta sawetawis media, contonipun ing Pengadilan Agama Kabupaten Malang wonten 703 estri ngajokaken gugatan pegatan salebeting Januari - Mei 2024. Alesan kang punajokaken para estri inggih punika bab ekonomi, semahipun wegah utawi boten purun nyambut damel jalaran kacanduan judol. Ugi wonten pawarta sanes, ing 19 Juni 2024 wonten priya kajiret pinjol nekad mejahi pegawe satunggaling koperasi...

HAKIM NAMPA SOGOKAN (kadyadene kutuk marani sunduk)

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/15a7eLdh6m/?mibextid=oFDknk Hakim nampa sogokan/besel pawartane wus ora nggumunake meneh saking kerep kedadeane. Wus samesthine minangka ketua lembaga peradilan kudu tanggung jawab yen ana hakim kang ditugasake ngadili prakaran nampa besel/sogokan. Salah siji wujud tanggung jawab ketua lembaga peradilan dicopot kalenggahane. Kahanan ing wektu wekasan iki kawartakake dene ana telung hakim Pengadilan Negeri Surabaya kang nampa sogokan gegandhengan karo prekara sawijining anak anggota dewan terhormat (minangka si kadakwa) kang nganiaya dhemenane nganti tumeka pati. Hakim-hakim kasebut nampa sogokan kanggo mutus bebas marang si kadakwa (wadhuh kok nekad timen sembrana ngremehake wus dadi kawigatene wong akeh dilawan!) Mulane lamun ana hakim sing gelem nampa sogokan, kejaba dipancasi sacara pidana, ketua pangadilane uga kudu dicopot saka kelenggahane. Hakim-hakim sing tumindak kaya mangkono iki bisa diarani " Makelar kasus ...