ANAK-ANAK GLANDHANGAN
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid02uhEK6HLcrpSRxC8FYUWSm25t6dD8WaFNopFXVJ9HQDRrmMkJUEkUyvWvsZFpVMAAl/?mibextid=Nif5oz Anak-anak glandhangan turu sangisóre lóngan (kolong) krêtêg. Gêlaran koran kêmulan amóh datan sawijiå kang prêduli. Datan ånå manèh usapan asih katrêsnane biyung. Uripe anggantungake wêlas asihe wóng liyå kadyå pangumbårå ing paran. Larikan-larikan ukara ing nginggil punika nelaken kasangsaranipun kaum papa lan kaprihatinan kita samya. Sejatosipun ing undhang-undhang dhasar negara, kasebataken dene anak dalanan/glandhangan dipunopeni lan dipuntanggel dening negara. Ananging punika budidayanipun taksih dereng saged kaleksanan kanthi pener lan leres. Dinas Sosial minangka prangkat pamarentah ingkang anggadhahi tanggel jawab prentah undhang-undhang kasebat taksih tebih saking pangajeng-ajeng dereng estu-estu tumindak. Senadyan makaten, prelu terus kaupayakaken nagara sageda ngayahi ngentasaken lare-lare glandhangan saki...